Naskah Khutbah BAHASA JAWA Jumat Dewan Dakwah BantulEdisi 041/Tahun II/2022
Ingin mendapatkan materi Khutbah Jumat?
Group WhatsApp
https://chat.whatsapp.com/GYrsFLncgFdBP0NyCIGYe2
Group WhatsApp
: https://chat.whatsapp.com/HuyMTmy9wVn2vdG1HRQMSw
Naskah lengkap dari awal bisa dibuka di Channel Telegram : https://t.me/khutbah_DDII_Bantul
Naskah lengkap dari awal : https://drive.google.com/drive/folders/11ZcffhlMqe-KdNXEshz1UUOhQ4Ik132l?usp=sharing
Suwargamu ing Omahmu
Dening : Ust Syamsul Munawar
Khutbah I
ุฃูููุญูู
ูุฏู ููููููู ุงูููุฐูู ุฃููุฒููู ุงูุณูููููููุฉู ููู ูููููุจู ุงููู
ูุคูู
ูููููู ููููุฒูุฏูุงุฏููุง ุฅููู
ูุงูุงู ู
ููุนู ุฅููู
ูุงููููู
ู ููููููููู ุฌููููุฏู ุงูุณููู
ูุงููุงุชู ููุงููุฃูุฑูุถู ููููุงูู ุงูููููู ุนููููู
ุงู ุญููููู
ุงู
ุฃูุดูููุฏู ุฃููู ููุง ุฅููููู ุฅููููุง ุงููู ููุญูุฏููู ููุง ุดูุฑููููู ููููุ ููุฃูุดูููุฏู ุฃูููู ุณููููุฏูููุง ู
ูุญูู
ููุฏูุง ุนูุจูุฏููู ููุฑูุณูููููููุ
ุงูููููููู
ูู ุตูููู ุนูููู ุณููููุฏูููุง ู
ูุญูู
ููุฏู ููุนูููู ุขูููู ููุตูุญูุจููู ููู
ููู ุชูุจูุนูููู
ู ุจูุฅูุญูุณูุงูู ุฅูููู ููููู
ู ุงูุฏููููููุ
ููููุง ุฃููููููุง ุงููุญูุงุถูุฑูููููุ ุงูุชููููููุง ุงููู ุญูููู ุชูููุงุชููู ููููุง ุชูู
ูููุชูููู ุฅููููุง ููุฃูููุชูู
ู ู
ูุณูููู
ูููููุ
ููุง ุฃููููููุง ุงููููุงุณู ููุฏู ุฌูุงุกุชูููู
ู
ููููุนูุธูุฉู ู
ููู ุฑููุจููููู
ู ููุดูููุงุก ูููู
ูุง ููู ุงูุตููุฏููุฑู ููููุฏูู ููุฑูุญูู
ูุฉู ูููููู
ูุคูู
ูููููู
Maโasyiral muslimin rahimakumullah,
Salah satunggaling kanugrahan saking gusti Allah tumrap kawulanipun inggih menika rumah tangga (gesang bebrayan). Allah taโala paring jodhoning gesang ingkang luhur lan kinurmat tumrap umat manungsa ingkang minangka tandha kuwaosipun Allahamrih saget ndadosaken tentreming penggalih, nggayuh asih katresnan, sarta minangka sesandhangan lan kanca ing salebeting nglampahi gesang bebrayan. Allah Subhanahu wa Taโala paring firman :
ููู
ููู ุกูุงููุงุชููู ุฃููู ุฎููููู ููููู
ู
ูููู ุฃููููุณูููู
ู ุฃูุฒูููุงุฌูุง ูููุชูุณููููููุง ุฅูููููููุง ููุฌูุนููู ุจูููููููู
ู
ููููุฏููุฉู ููุฑูุญูู
ูุฉู ุฅูููู ููู ุฐููููู ูุฃูููุงุชู ูููููููู
ู ููุชููููููุฑูููู
โLan ing antarane tandha kuwasane Allah, yaiku Panjenengane nyipta tumrap sira jodho sangka jinis-ira dhewe, amrih sira pada antuk katentreman ing ati, lan mawujud ing antaraning sira rasa asih tresna. Satemene ing perkara kang mengkono iku yekti minangka tandha kuwasane Allah tumrap umat kang mikir.โ (QS. Ar-Ruum :21)
Maโasyiral muslimin rahimakumullah,
Manungsa nggadhahi fitrah ingkang awujud dhemen (remen) dhumateng lawan jinisipun, ingkang kanthi margining nikah pramila bakal pikantuk sarana kangge nyekapi raos katresnan, katentreman gesang lan welas asih. Ing salebeting gesang bebrayan, satunggaling kakung bakal manggihaken papan kangge ngaso kanthi kinurmat lan ngraosaken kantentreman penggalih sasampunipun nyambut damel. Piyambakipun saget mberat sumpeg-ing penggalih lan raos buneging gesang. Piyambakipun saget nyampir-aken โbot-repotingโ gesang kanthi nyawang esem ingkang manis, praupan ingkang sumringah, utawi tetembungan ingkang alus merak ati saking jejering wanita ingkang dados jodhonipun; solah bawa ingkang alus, lan panggulawenthah ingkang rumaket. Sedaya menika bakal piananggih ing jejering garwa ingkang ngancani salebeting bebrayan gesang, sigaraning nyawa lan minangka ibu saking para putranipun.
Mekaten ugi, setunggaling wanita, baka; manggihaken pangayoman ing satengahing kulawarga ingkang kebak raos bingah lan gesng kanthi raos aman lan tentrem. Bale griya ngkang minangka idhaman bakal dados papan dunung lan lahiripun putra wayah ingkang shaleh ing salebeting panggulawenthahing tiyang sepuh ingkang kebak kawibawan lan tresna asih, kathah kawigatosan ingkang nuwuhaken katentreman ing batin.
Lan Allah Subhanahu wa Taโala paring dhawuh:
ููุงูููู ุฌูุนููู ููููู
ู
ูููู ุฃููููุณูููู
ู ุฃูุฒูููุงุฌูุง ููุฌูุนููู ููููู
ู
ูููู ุฃูุฒูููุงุฌูููู
ู ุจูููููู ููุญูููุฏูุฉู ููุฑูุฒูููููู
ู
ูููู ุงูุทูููููุจูุงุชู ุฃูููุจูุงููุจูุงุทููู ููุคูู
ูููููู ููุจูููุนูู
ูุชู ุงูููู ููู
ู ููููููุฑูููู
โAllah wis ndadek-ake tumrap sira jodhomu sangka jinis-ira dhewe, lan ndadek-ake sangka dheweke sira pinaringan turun anak lan putu; lan peparing rejeki ing sira kanthi becik. Mangka apa jalarane wong-wong padha iman marang kang bathil lan kufur marang nikmat peparinge Allah.โ (QS. An-Nahl: 72)
Maโasyiral muslimin rahimakumullah,
Piwucal Islam ndadosaken kulawarga minangka nyawijinipun kathah kesaenan, asih tresna lan gesang ingkang selaras; sarta kados dene minangka pager ingkang njagi kemaslahatan, raos asih tresna lan guyub rukun. Saben anggota kulawarga saget dados patuladhan ing salebeting nindak-aken dharmaning gesang, netepi hak lan kuwajiban. Dhedahsar mekaten pramila raos kabingahan ing salebeting bebrayan kulawarga saget dipun bangun kanthi aish tresna lan tulung-tinulung.
Tali gesang bebrayan (nikah) minangka janji prasetya ingkang teguh ๏ดฟ ู ูููุซูุงูุงู ุบููููุธุงู ๏ดพ, pilar ingkang bakoh, lan pondasi ingkang lebet. Perkawis menika Hal ini dijelaskan dalam ayat di atas oleh firman Allah Subhanahu wa Taโala :
ูููุชูุณููููููุง ุฅูููููููุง
โSupaya sira tansah antuk ketentreman ing dheweke.โ (QS. Ar-Ruum :21)
Bab menika ngetingalaken bilih woten raos katentreman ing salebeting gesang bebrayan ingkang paling inggil, kadoos ingkang dipun sebatakn ing ayat sanes:
ููููู ููุจูุงุณู ูููููู
ู ููุฃููุชูู
ู ููุจูุงุณู ูููููููู
โDheweke (bojonira) iku minangka sandhangan tumrap sira, lan sira uga minangka sandhangan tumrap dheweke.โ (QS. Al-Baqarah :187)
Maโasyiral muslimin rahimakumullah,
Al-Qurโan nyebat kanthi endahing tata basa perkawis pesrawunganing garwa kakung lan estri, kados dene sesambunganipun tiyang kaliyan sandhangan (klambi) ingkang dipun agem. Menapa wonten ingkang langkung caket tumrap tiyang tinimang agemanipun? Lan kita mangertos, bilih pigunanipun sandhangan menika ngayomi dados aling-aling saking panas lan adhem, minangka pepaes (pacakan) sahingga pantes utawi endah dipun sawang. Mekaten menika pigunanipun gesang bebrayan garwa kakung-estri, paring pengayoman lan mepaes dhiri kangge nggayuh kabingahan. Nikah mboten namung dados tali gesang kadonyan ingkang ukuranipun arta bandha, hawa nepsu kados sato kewan, nanging ikatan ruhani lan manah ingkang mulya.
Garwa kakung lan estri kedah saget nampi menapa kemawon kekiranganipun, nglenggana ing kalepatan lan ngapunten khilafipun. Awit sinten kemawon menika mesthi kedunungan sipat: lali lan luput. Kados dene sanepan: โkesandhung ing rata, kebentus ing tawang.โ
Monggo sageta kita srawung lan nggulawentah kulawarga kanthi ing sae. Sinten tiyang ingkang paling nggadhahi hak dipun srawungii kanthi akhlak bebuden ingkang sae โ tinimbang garwa panjenengan, ingkang tansah ngrencangi lan nyartani gesang panjenengan? Piyambakipun tansah mbiyantu lan nyekapi hajat gesang panjenengan ing saben dintenipun.
ููุนูุงุดูุฑููููููู ุจูุงููู
ูุนูุฑูููู ููุฅูู ููุฑูููุชูู
ููููููู ููุนูุณูู ุฃูู ุชูููุฑููููุง ุดูููุฆูุง ููููุฌูุนููู ุงูููู ููููู ุฎูููุฑูุง ููุซููุฑูุง
โLan srawungana dheweke (bojomu) kanthi samurwat. Banjur menawa sira ora seneng ing dheweke, (mangka paryoga sira sabar) jalaran bisa wae sira ora seneng ing sawijining perkara,, kamangka Allah wis ndadek-ake ing dheweke kabecikan kang akeh.โ (QS. An-Nisaโ :19)
Maโasyiral muslimin rahimakumullah,
Salajengipun para garwa kakung kedah paring kawigatosan lan hak estri kanthi leres, lan sampun ngantos ndamel โtelantarโ lan lampah zhalim (aniaya).
ููููููููู ู
ูุซููู ุงูููุฐูู ุนูููููููููู ุจูุงููู
ูุนูุฑูููู ูููููุฑููุฌูุงูู ุนูููููููููู ุฏูุฑูุฌูุฉู ููุงูููู ุนูุฒููุฒู ุญููููู
ู
โLan para wanita nduweni hak kang samurwat kelawan kewajibane miturut cara kang maโruf (becik). Nanging para bojo lanang, nduweni saderajat kaluwihan tinimbang bojo wadone. Lan Allah Maha AGung lan Maha Wicaksana.โ (QS. Al-Baqarah :228)
Saking โAisyah r.a. bilih Rasulullah SAW ngendika,
ุฎูููุฑูููู
ู ุฎูููุฑูููู
ู ููุฃููููููู ููุฃูููุง ุฎูููุฑูููู
ู ููุฃูููููู
โSabecik-becike sira yaiku wong kang paling becik tumrap kulawargane, lan Ingsun (nabi) minangka wong kang paling becik marang kulawargaku.โ (Riwayat al-Tirmidzi 3895)
Maโasyiral muslimin rahimakumullah,
Kagem para kakung, sumangga kanthi dhedhasar takwa dhumateng Allah kita tumindak sae nggulawenthah garwa lan kulawarga. Katindakno kuwajiban kita minangka โkepala keluargaโ midherek syaruat, paring beblanjan nafkah lan nyekapi sandhang pangan lan papanmidherek kekiyatan kita.
ุฃูุณููููููููููู ู
ููู ุญูููุซู ุณููููุชูู
ู
ููู ููุฌูุฏูููู
ู ูููุงูุชูุถูุขุฑูููููููู ููุชูุถูููููููุง ุนูููููููููู
โWeneh-ono papan bojo (kulawarganira ing papan sira dumunung miturut kedaya kekuatanira, lan sira ojo nggawe susah (rekasa) ing dheweke sahingga ndadek-ake atine nelangsa.โ (QS.At-Thalaq :6)
ููููููููู ุฐูู ุณูุนูุฉู ู
ููู ุณูุนูุชููู ููู
ูู ููุฏูุฑู ุนููููููู ุฑูุฒููููู ููููููููููู ู
ูู
ููุข ุกูุงุชูุงูู ุงูููู ูุงูููููููููู ุงูููู ููููุณูุง ุฅููุงูู ู
ูุขุกูุงุชูุงููุง
โPrayogane wong kang saguh weneh nafkah miturut kesanggupane. Lan wong kang cupet rejekine supaya menehi nafkah sangka bandha kang diparingake dening Allah ing dheweke. Allah ora paring sesanggan marang kawula kejaba mung samurwat kelawan apa kang diparingake.โ (QS. At-Thalaq :7)
Rasulullah SAW paring dhawuh:
ู
ูุง ุฃูุทูุนูู
ูุชู ููููุณููู ูููููู ูููู ุตูุฏูููุฉู ููู
ูุง ุฃูุทูุนูู
ูุชู ููููุฏููู ูููููู ูููู ุตูุฏูููุฉู ููู
ูุง ุฃูุทูุนูู
ูุชู ุฒูููุฌูุชููู ูููููู ูููู ุตูุฏูููุฉู ููู
ูุง ุฃูุทูุนูู
ูุชู ุฎูุงุฏูู
ููู ูููููู ูููู ุตูุฏูููุฉู
โBandha kang sirabalanja-ake kanggo mangan kapetung minangka sedekah tumrap sira. Lan pangan kang sira wenehake marang anak, iku dadi sedekah. Lan pangan kang sira wenehake ing bojo, uga dadi sedekah. Mengkono uga pangan kang sira wenehake ing rewang, iku uga dadi sedekah. (HR Ahmad 4: 131)
Maโasyiral muslimin rahimakumullah,
Para garwa kakung supados jumeneng minangka kepala keluarga ingkang saget dados priyayi idaman ingkang grapyak lan dados โkebanggaanโ saking garwa estri lan putra-putrinipun. Sampun ngantos ketingal minangka jejering tiyang ingkang dipun ajrihi dening kulawarganipun.
Minangka jejering garwa kakung, sampun ngantos namung remen dhawuh (printeh) lan nglarang. Nggaadhahi watak kejem lan sawenng-wenang. Mboten pinter srawung, grapyak, angel paring ngapunten, gampil muntab lan cengkiling (kodo). Saben ngucap kados dene raja ingkang kedah menang lan tansah dipun pireng. Saben tymindak kanthi lampah kasar lan tanpa petung. Ketingal โsluntrut, mbesengutโ lan mboten nate purun mbiyantu pedamelan garwa ing nggriya. Saben mlebet ing griya tansah โnggrundel, misuhโ. Nalika medal griya tansah cubriya. Mboten ngetingalaken raos katresnan utawi alusing solah bawa. Garwa lan putra saestu ketingal sengsara โ nelangsa, jinja (kandos pinanggih kewan galak ingkang bakal nadhah kalamangsa).
Kados pundi caranipun nyipta suasana kaendahan lan kabingahan ing salebeting kulawarga? Prayogi sanget para kakung ingkang minangka kepala keluarga saget jumeneng minangka pemimpin ingkang dipun tresnani, mboten dipun ajrihi.
Kalenggahanipun garwa kakung (suami) saestu ageng ing satengahing kulawarga, kados dhawuhing Allah ing Al-Qurโan:
ุงูุฑููุฌูุงูู ูููููุงู
ูููู ุนูููู ุงููููุณูุงุก ุจูู
ูุง ููุถูููู ุงููููู ุจูุนูุถูููู
ู ุนูููู ุจูุนูุถู ููุจูู
ูุง ุฃูููููููุงู ู
ููู ุฃูู
ูููุงููููู
ู
โJejering priya iku minangka pemimpin (tetunggul) tumrap wanita, jalarana Allah wis paring kaluwihan ing priya tinimbang wanita, lan jalaran priya nduweni kuwajiban weneh nafkah sangka saperangan bandhane.โ (Qs. An Nisaโ : 34)
Kalenggahan minangka pemimpin inggih kedah ndamel raos kabingahan (karaharjan) ing kulawarga. Linangkung yen emut kados pundi rumiyin nalikane nembe badhe ndamel janji ing awal nikah mbangun gesang bebrayan, garwa kakung sampun sagah badhe nresnani garwa putri lan badhe paring kabingahan lair-batos. Sampun ngantos janji kasebat namung dados impen lajeng ical musna kados namung minangka โandheg ing pangamun-amunโ utawi fatamorgana.
Maโasyiral muslimin rahimakumullah,
Kabingahan menika dipun gayuh menawi saget nyekapi kabetahan pokok gesang ing kulawarga. Temtu kemawon menika mbetahaken ikhtiar lan pangurbanan saking pihak kakung minangka suami lan kepala keluarga. Piyambakipun kedah saget dados satunggaling tiyang ingkang dipun piandel lan ndamel โmongkogโ
Saestunipun, nalika jejer kakung nikah klaiyan wanita, menika mendhet kuwajiban tanggeljawab pangayoman saking bapakipun, lan pindhah dados seanggan ing pundhakipun kakung minangka suami. Tegesipun pangayoman lan sesanggan kuwajiban saking jejer bapak tumrap si-wanita wiwit bayi dumugi ing diwasa salajengipun pindhah dipun tampi ing garwa kakung. Malah mboten namung ceka[ ing babagan gesang kadonyan, namung ngantos dumugi jaminan supados mbenjang dipun ajak lumbebet ing suwarga.
Wontenipun raos tanggeljawab ingkang agung, linangkung yen emut dhumateng janji minangka garwa kakung (suami) ing sangajengipun wali lan kathaing saksi, pramila samesthinipun mboten bakal kelampah wontenipun โpenelantaran istri, zhalim (aniaya) dhateng kulawarga utawi anak putu. Mboten badhe kelampah wontenipun โkekerasan dalam rumah tanggaโ (KDRT), sebab sedaya bakal dipun pundhut tanggeljawabipun ing ngersanipun Allah SWT. Malah, senadyan jejeripun suami istri menikka sampun sami sepuhipun (usia lanjut), samesthenipun justru tansaya ngrembaka lan lebet raos welas asihipun.
Maโasyiral muslimin rahimakumullah,
Satunggaling pemimpin rumah tangga bakal tansah mbudidaya kulawarga menika dados wasilaj lan tujuan ing saben labuh labet lan pangurbanan anggenipun makarya sadanguning gesang. Piyambakipun badhe tansah ndedonga:
ุฑูุจููููุง ููุจู ููููุง ู
ููู ุฃูุฒููููฐุฌูููุง ููุฐูุฑููููููฐุชูููุง ููุฑููุฉู ุฃูุนููููู ูููฑุฌูุนูููููุง ููููู
ูุชููููููู ุฅูู
ูุงู
ูุง
โDhuh gusti Allah, mugi paduka paring nugraha ing kawula garwa lan putra-wayah ingkang tansah ndamel remen ing peningal, lan kadadosno kawula minangka pemimpin tumrap tiyang ingkang takwa,โ (QS al-Furqan: 74).
Sampun jamak lumrahipun saben toyang kepengin yen kulawarganipun saget ketingal sae, saget ningali garwa lan putra wayahipun ketingal sae lan ndamel remen. Nanging sampun ngantos kesupen, bilih dhiri pribadhinipun ugi supados saget ketingal sae lan dados ngremenaken saben dipun sawang dening anggota kulawrga sanesipun.
Maโasyiral muslimin rahimakumullah,
Tandha satunggaling tiyang tresna dhumateng garwanipun, inggih mennika yen piyambakipun nggadhahi โdedikasiโ tumrap kulawarga, ketingal mboten ing wujudipun nuntut hak dhumateng kulawarga, nanging justru kedah diipun buktek-aken kanthi tekadipun kagem โngetingalaken sumbang sih, pangurbanan, lan โberjuangโ kanthi lampah menapa kemawon kangge nyekapi kabetahan kulawarga ingkang dipun tresnani menika. Sanes kanthi lampah โposisifโ ingkang sarwa ketingal kumawoso, watak โkerengโ lan sarwa mbatesi solah bawa lan hak-ipun kulawarga.
Suasana ingkang harmonis, kanthi paring kesempatan sedaya kulawarga nyata-aken pemanggihipun sacara timbal-balik, sinartan solah bawa ingkang nedahaken raos asih tresna kangge nggayuh kemaslahatan kulawrga saestu minangka โsuwargaโ ingkang bakal ndamel raos bingah kagem sedaya anggota kulawarga. Ucapan lan tumindak tansah saget dipun jagi. Mboten wonten suwanten โjeritan, bengokanโ utawi tindak lampah ingkang kasar. Menika sedaya dipun lambari raos asih tresna lan tanggeljawab. Kulawarga badhe tansah dados papan ingkang ndamel kangen, kepengin tansah makempal, nyawiji lan manungalipun sedaya brayat. Saat ingkang kados mekaten menika kulawarga sampun dados โsuwargaโ tumrap kita.
Mekaten atur khutbah ing siang meika, mugi manfaat tumrap kita sedaya. Amiin
ุฃููููููู ููููููู ููุฐูุง ูููุงุณูุชูุบูููุฑู ุงูููู ููู ููููููู ู ููููุณูุงุฆูุฑู ุงูู ูุณูููู ููููู ุฅูููููู ูููู ุงูุณูู ูููุนู ุงูุนูููููู ู
Khutbah II
ุงูููุญูู
ูุฏู ูููู ุฑูุจูู ุงููุนูุงููู
ููููุ ููุงูุนูุงููุจูุฉู ููููู
ูุชููููููููุ ูููุงู ุนูุฏูููุงูู ุฅููุงูู ุนูููู ุงูุธููุงููู
ูููููุ ุฃูุดูููุฏู ุฃููู ูุงู ุฅููููู ุฅููุงููุงูููู ููุญูุฏููู ูุงู ุดูุฑููููู ูููู ููุฃูุดูููุฏู ุฃูููู ู
ูุญูู
ููุฏุงู ุนูุจูุฏููู ููุฑูุณููููููู. ุงูููููููู
ู ุตูููู ููุณููููู
ู ุนููู ู
ูุญูู
ูุฏู ููุนููู ุขูููู ููุฃูุตูุญูุงุจููู ููู
ููู ุชูุจูุนูููู
ู ุจูุฅูุญูุณูุงูู ุฅูููู ููููู
ู ุงูุฏูููู
ูููุงู ุงููููููุง ุงููููุงุณู ุงูุชูููููุงุงูููู ููููู
ูุง ุฃูู
ูุฑู ููุงููุชูููููุง ุนูู
ููุง ููููู ููุฒูุฌูุฑ, ููุงุนูููู
ูููุง ุฃูููู ุงูููู ุฃูู
ูุฑูููู
ู ุจูุฃูู
ูุฑู ุจูุฏูุฃู ูููููู ุจูููููุณููู ููุซููููู ุจูู
ููุข ุฆูููุชููู ุงูู
ูุณูุจููุญูุฉู ุจูููุฏูุณููู,
ููููุงูู ุชูุนูุงููู: ุงูููู ุงูููู ููู
ููุงูุฆูููุชููู ููุตูููููููู ุนูููู ุงููููุจููู ููุงู ูููููุงุงูููุฐููููู ุขู
ูููููุงุตููููููุงุนููููููู ููุณููููู
ูููุง ุชูุณูููููู
ูุง
ุงููููููู
ูู ุตูููู ุนูููู ู
ูุญูู
ููุฏู ููุนูููู ุขูู ู
ูุญูู
ููุฏูุ ููู
ูุง ุตููููููุชู ุนูููู ุฅูุจูุฑูุงููููู
ู ููุนูููู ุขูู ุฅูุจูุฑูุงููููู
ูุ ููุจูุงุฑููู ุนูููู ู
ูุญูู
ููุฏู ููุนูููู ุขูู ู
ูุญูู
ููุฏูุ ููู
ูุง ุจูุงุฑูููุชู ุนูููู ุฅูุจูุฑูุงููููู
ู ููุนูููู ุขูู ุฅูุจูุฑูุงููููู
ูุ ููู ุงูุนูุงููู
ููููู ุฅูููููู ุญูู
ูููุฏู ู
ูุฌูููุฏูุ.
ุงูููููููู
ูู ุงุบูููุฑู ููููู
ูุคูู
ููููููู ูู ุงููู
ูุคูู
ูููุงุชู ูู ุงููู
ูุณูููู
ููููู ูู ุงููู
ูุณูููู
ูุงุชู ุงูููุฃูุญูููุงุกู ู
ูููููู
ู ูู ุงููุฃูู
ูููุงุชู ุงูููููู ุณูู
ูููุนู ููุฑูููุจู ู
ูุฌูููุจู ุงูุฏููุนูููุงุชู ูู ููุงุถููู ุงููุญูุงุฌูุงุชู.
ุงูููููููู
ูู ุฑูุจููููุง ููุง ุชูุฒูุบู ููููููุจูููุง ุจูุนูุฏู ุงูุฐูููุฏูููุชูููุง ูู ููุจูููููุง ู
ููู ููุฏููููู ุฑูุญูู
ูุฉู ุงูููููู ุงูููุชู ุงูููููููุงุจู
ุฑูุจููููุง ููุจู ููููุง ู
ููู ุงูุฒูููุงุฌูููุง ูู ุฐูุฑูููููุชูููุง ููุฑููุฉู ุงูุนููููู ูู ุงุฌูุนูููููุง ููููู
ูุชูููููููู ุงูู
ูุงู
ูุง.
ุฑูุจููููุง ุงูุชูููุง ููู ุงูุฏููููููุง ุญูุณูููุฉู ูู ููู ุงููุขุฎูุฑูุฉู ุญูุณูููุฉู ูู ููููุง ุนูุฐูุงุจู ุงููููุงุฑู
ุนูุจูุงุฏู ุงููู! ุงูููู ุงููู ููุฃูู
ูุฑู ุจูุงููุนูุฏููู ูู ุงููุฅูุญูุณูุงูู ูู ุงูููุชูุงุกู ุฐูู ุงููููุฑูุจูู ูู ููููููู ุนููู ุงููููุญูุดูุงุกู ูู ุงููู
ูููููุฑู ูู ุงููุจูุบููู ููุนูุธูููู
ู ููุนููููููู
ู ุชูุฐูููููุฑููููู ููุงุฐูููุฑูููุง ุงููู ุงููุนูุธูููู
ู ููุฐูููุฑูููู
ู ูู ุงุดูููุฑููููู ุนูููู ููุนูู
ููู ููุฒูุฏูููู
ู ูู ููุฐูููุฑู ุงูููู ุงูููุจูุฑู ูู ุงูููู ููุนูููู
ู ู
ูุง ุชูุตูููุนููููู