Hijrah Nggayuh Kamardikan Sejati – Khutbah Jumat Bahasa Jawa

Naskah Khutbah Jumat BAHASA JAWA Dewan Dakwah BantulEdisi 031/Tahun II/2022

Ingin mendapatkan materi Khutbah Jumat?

🟢 Group WhatsApp 4️⃣ : https://chat.whatsapp.com/HuyMTmy9wVn2vdG1HRQMSw

🔵 Naskah lengkap dari awal bisa dibuka di Channel Telegram : https://t.me/khutbah_DDII_Bantul

💻 Naskah lengkap dari awal : https://drive.google.com/drive/folders/11ZcffhlMqe-KdNXEshz1UUOhQ4Ik132l?usp=sharing

Hijrah Nggayuh Kamardhikan Sejati
Dening : Ust. Asrofi, S.Ag., MSI

Khutbah I

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْه ُ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللهُمّ صَلّ وَسَلّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وِأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ
قَالَ اللهُ تَعَالَى: يَاأَيّهَا النَاسُ اتّقُوْا رَبّكُمُ الّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَاءً وَاتّقُوا اللهَ الَذِي تَسَاءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَام َ إِنّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا
يَاأَيّهَا الّذِيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا, أَمّا بَعْدُ
وَالَّذِينَ آمَنُواْ وَهَاجَرُواْ وَجَاهَدُواْ فِي سَبِيلِ اللّهِ وَالَّذِينَ آوَواْ وَّنَصَرُواْ أُولَـئِكَ هُمُ الْمُؤْمِنُونَ حَقّاً لَّهُم مَّغْفِرَةٌ وَرِزْقٌ كَرِيمٌ ﴿٧٤﴾

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah.
Alhamdulillahi rabbil ‘alamin, puji syukur kita konjukaken dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring tumrap kita kathah kenikmatan, sae ingkang awujud kesarasan, umur panjang saha ketetapan iman islam. Mugi-mugi kangrahan menika saget ndamel kita ngaturaken syukur panuwun ingkang saleres-leresipun.

Shalawat lan salam mugi-mugi tetep kaparingna dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW, kaliyan kulawarga, para sahabat lan sedaya umatipun ngantos akhir ing jaman. Panjenenganipun ingkang sampun ngasto piwucal Islam lan mbimbing kita sedaya medal saking pepeteng gesang tumuju cahya ingkang padhang njingglang.

Minangka khatib, mboten kesupen keparenga kawula ngemutaken dhumateng para sedherek sedaya, linangkung tumrap awak kula piyambak, sumangga kita tansah nambah raos iman lan takwa dhumateng Allah kanthi saleres-leresipun takwa inggih kanthi nindaki dhawuhing agami saha ngajeng-ajeng ridho utawi ganjaran saking Allah. Lajeng nilaraken awisanipun Allah kanthi kebak raos ajrih dhumateng adzab ipun wonten ing donya menika utawi ing akhirat samangke. Kanthi raos iman takwa menika, Allah SWT badhe ndamel sedaya perkawis gesang kita bakal kelampah kanthi gampil, kados dhawuhipun ing Al-Qur’an QS. Ath-Thalaq ayat 4 :

وَمَن يَتَّقِ اللَّهَ يَجْعَل لَّهُ مِنْ أَمْرِهِ يُسْراً ﴿٤﴾
“Sopo wong kang takwa marang Allah, yekti Allah bakal ndadek-ake tumrap dheweke antuk dalan kang gampang ing saben urusane “.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah.
Saat menika kita sampun wonten ing warsa enggal 1444 hijriyah lan sekedap maleh mengeti dinten kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping 77. Kalih prastawa ingkang wigatos menika ageng kalenggahanipun tumrap kita umat Islam, khususipun ing Indonesia.

Hijrahipun kanjeng Nabi Muhammad saw saking kitha Makkah dhateng Yatsrib (Madinah) ing taun 622 Masehi, minangka bebukaning perjuangan tumuju kamardhikan, kemandirian lan kedaulatan umat Islam. Sejarah nyerat menawi umat islam miwiti gesang nggulawenthah pamarintahing negari sasampunipun kanjeng Nabi Muhammad saw hijrah dhateng Madinah; lan paring dhasar lampahing gesang ingkang bakoh kangge mbentuk masyarakat enggal kanthi ing kepemimpinan Rasulullah saw.

Salajengipun, warsa enggal hijriyah saat menika kraos istimewa, amargi bilih dipun pendhet hikmahipun wonten kemiripan antawisipun prastwa hijrah ingkang dipun alami kanjeng Nabi Muhammad saw kaliyan Proklamasi Kamardhikan Republik Indonesia. Inggih menika kemiripan kangge nggayuh kamardhikan -kebebasan, kesetaraan lan mbucal / nyingkiraken ‘keterbelakangan’ ing satengahing gesang masyarakat-ipun ingkang majemuk lan dumados saking warni-warni suku bangsa.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah.
Hijrah ing salebeting sejarah islam minangka prastawa ingkang wigatos sanget, sanes namung kangge pados panggesangan tumrap Nabi Muhammad saw, nanging ugi kangge tuwuh lan ngrembakanipun agami Islam ing jaman semanten ngantos samenika. Kadospundi wigatosipun prastawa menika, ngantos dipun cathet ing salebeting Al-Qur’an surat Al-Anfaal ayat 74 :

وَالَّذِينَ آمَنُواْ وَهَاجَرُواْ وَجَاهَدُواْ فِي سَبِيلِ اللّهِ وَالَّذِينَ آوَواْ وَّنَصَرُواْ أُولَـئِكَ هُمُ الْمُؤْمِنُونَ حَقّاً لَّهُم مَّغْفِرَةٌ وَرِزْقٌ كَرِيمٌ ﴿٧٤﴾
“Lan wong kang padha iman lan hijrah, lan jihad ing dedalane Allah,lan wong kang paaweh ptulung papan panggonan lan pitulungan (ing wong Muhajirin), dheweke iku wong kang iman kanthi sabenere. Dheweke antuk pangapura lan rejeki (nikmat) kang mulya “.

Hijrah ingkang dipun alami kanjeng Nabi Muhammad saw ngemutaken kita sami ing sikap istiqamah utawi teguh pendirian Rasulullah ingkang tetep berjuang nyebaraken Islam sanadyan ngadhepi pinten-pinten panggodha, pepalang, bebaya utawi ancaman. Hijrah ugi nggambaraken cerdas utawi lantipipun penggalih kanjeng Nabi salebeting perjuangan dakwah, mbiwara-aken agami Islam ing tengah ‘keterbatasan’ lan umat islam ingkang taksih sakedhik sanget jumlahipun.

Dene Proklamasi Kamardhikan RI minangka ‘pintu gerbang’ mujudaken pembebasan bangsa Indonesia saking panguwaosipun penjajah /kolonial Walandi. Satunggaling kawontenan ingkang mboten dipun nyono wekdal semanten, jalaran bangsa Indonesia menika sipatipun majemuk, saking wilayah / daerah lan suku bangsa ingkang kathah, lan dereng nggadhahi teknologi militer ingkang murakabi saget kangge nglawan penjajah.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah.
Rasulullah saw njurung amrih sedaya tiyang saget dados pribadi ingkang mardhika. Kamardhikan hakiki dipun-gayuh kanthi iman ingkang sampurna. Satunggaling tiyang mukmin ingkang taat, saestunipun inggih menika pribadi ingkang mardhika. Piyambakipun saget uwal saking nyembah braholo utawi memundhi dhumateng pihak ingkang dipun anggep nyepeng panguwaos ing gesang; saget nilar utawi meper saking godhaning panguwaosing banda, tahta, lan nafsu donya. Sedaya menika awit saking iman ingkang sampurna. Saget nglampahi kuwajiban ing gesang minangka khalifah lan kawulanipun Allah swt. Mboten wonten raos ajrih, bingung lan sedhih, amargi tansah emut bilih sedayanipun sampun dipun temtok-aken dening Allah ingkang murba-wasesa gesang menika. Manahipun dipun kebaki kanthi dzikir, lesanipun dipun jagi kanthi kalimah ingkang kebak nasihat lan ndamel bingahipun sesame, tanganipun entheng kangge paring pitulung, tangga tepalih lan masyarakat rumaos jenjem lan ayem tentrem gesang sesandhingan. Syariat agami dipun lampahi kanthi tulus ikhlas, raos mantep lan bingahing penggalih. Kulawarga lan masyarakat saget ngraosaken manfaat gesangipun.

Menika-lah gambaran tiyang ingkang mardhika. Gesangipun minangka lantaran kangge ngumawula dhumateng Allah. Kamardhikan menika ingkang dipun kersa-aken Rasulullah SAW sahingga saget nindak-aken dhawuh hijrah sesarengan kaliyan para sahabat..

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah.
Hijrah Rasulullah SAW nggadhahi kathah piwucal ingkang saget kita pendhet kagem dipun amalaken ing gesang jaman menika. Miturut Profesor Quraish Shihab saperangan hikmah piwucal menika antawisipun:

Kaping Sepisan : Pangurbanan
Nalika Rasulullah ngendika dhumateng Abu Bakar r. a. bilih Allah swt paring dhawuh kangge hijrah, lan ngajak sahabatipun menika kangge nindakaken hijrah sesarengan, Abu Bakar nangis awit raos bingah (bombong). Lan saknalika ugi piyambakipun age-age tumbas unta cacahipun kaleh, lan ngaturaken dhumateng Rasulullah saw kangge dipun pilih ingkang dipun kersa-aken. Pramila dumados pangendikan kekalihipun:
“`Nabi ngendika: “Aku ora bakal numpak unta kang dudu kagungan-ku dhewe.”
Abu Bakar matur: “Unta menika kulo caosaken minangka hadiah kagem panjenengan.”
Jawab Nabi: “Prayoga, nanging aku bakal mbayar regane unta.”

Abu Bakar adreng sanget supados unta menika dipun tampi dados bebingah (hadiah), nanging kanjeng Nabi saw tetep nolak. Abu Bakar ing pungkasanipun purun kangge nyade unta menika. “`

Kenging menapa Nabi saw ugi adreng kangge mundhut unta? Kamangka Abu Bakar menika shahabat ipun piyambak? Lan, saderengipun menika estunipun Nabi saw asring nampi bebingah (hadiah) saking Abu Bakar. Ing mriki wonten piwucal ingkang wigatos sanget. Rasulullah saw paring piwucal bilih kangge nggayuh setunggaling pakaryan ageng, dipun betahaken pangurbanan ingkang agung ugi lan ‘maksimal’ saking sedaya tiyang. Panjenenganipun ngajak hijrah kanthi sedaya kekiyatan ingkang dipun-gadhahi piyambakipun, saking tenaga, penggalih (iguh pertikel) utawi arta bandha, malah ugi kanthi jiwa lan raganipun. Kanthi mbayar regi unta menika, nabi paring piwucal dhumateng Abu Bakar r.a. lan kita sedaya bilih

Kangge ngumawula lan ‘jihad’ ing margining ridho Allah, sampun ngantos nglirwa-aken sakedhik mawon ing rekadaya lan kabisan kita. Mekaten ugi yen kita nembe ngadhepi setunggaling pakaryan & gegayuhan ingkang agung – sampun ngantos kita kesangeten ngajeng-ajeng pitulung lan welasipun tiyang sanes. Allah swt sampun paring kanugrahan dhumateng sedaya manungsa wujud bakat lan kaluwihan ingkang ageng amrih saget dipun gladi lan dipun gina-aken.
Kanjeng Nabi saw paring piwucal supados ing salebeting masa berjuang, sampun ngantos malah pados kesempatan kangge angsal bebathen, fasilitas lan bonus : menapa ingkang saget dipun pendhet utawi malah gadhah ‘melik’ namung pados ‘gratisan’. Ingkang samesthinipun dipun-tuwuh-aken inggih menika grengseng kangge berkorban: “menapa ingkang saget kula aturaken minangka ‘pisungsung’ lan saget kula korbanaken kangge perjuangan ingkang agung lan mulya menika. “

Saking bab menika, kita saget mendhet piwucal: bilih yen kita kepengin majengaken bangsa lan negari Indonesia menika, pramila dipun antu-antu sanget medali utawi lahiripun pun para pejuang ingkang lilo legowo kagem berkorban kadosdene patuladhan saking Rasulullah saw menika.

Mboten justru tampilipun para aktor ingkang berlagak ‘sok’ dados pejuang utawi pahlawan ingkang tembungipun cinta NKRI lan jare ‘rela berkorban’, nanging manahipun mambu bacin, dene polah tingkahipun sibuk ngeruk, ngrampok lan nguras kasugihaning nagari, lan malah ngadhek-aken nasib masa depanipun bangsa.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah.
Kaping kalih : Ajining Gesang
Rasulullah saw. Tindak hijrah tumuju Medinah sinambi paring dhawuh dhumateng shahabat ‘Ali bin Abi Thalib, supados mapan tilem ing papan sarenipun Nabi, sinambi ngagem kemulipun Rasulullah saw, saperlu kangge ngapusi tiyang musyrik.

Ing bab menika, raos lila legawanipun Ali bin Abi Thalib nglampahi dhawuhipun Nabi, hakikatipun sampun pasrah jiwa lan raga kagem mbela agaminipun Allah. Ing mriki, kita saget mendhet piwucal: menapa saestunipun makna lan ajining ning gesang midherek piwucal agami? Gesang menika mboten namung bab ‘mangan lan ngombe’, unjal ambegan lan pados karemenan nuruti pepinginan ati. Wonten tiyang-tiyang ingkang sampun pejah lan dipun kubur, nanging ing Al-Qur’an taksih dipunwastani tiyang ingkang gesang lan pikantuk rejeki:

Dipun sebat al hayah fil maut. Allah paring dhawuh ing Al-Qur’an surat Ali Imran ayat 169 :

وَلاَ تَحْسَبَنَّ الَّذِينَ قُتِلُواْ فِي سَبِيلِ اللّهِ أَمْوَاتاً بَلْ أَحْيَاء عِندَ رَبِّهِمْ يُرْزَقُونَ ﴿١٦٩﴾
“Lan ojo pisa-pisan sira duwe pangira yen wong-wong kang gugur ing dedalane Allah iku tumeka ing pati, malah satemene dheweke iku tetep urip, ing ngersane Gusti Allah nampa rejeki”.

Suwalikipun wonten ugi tiyang ingkang taksih gesang, malah remen macak ingkang sarwa moncer, nanging tiyang mekaten dipun anggep kados dene tiyang ingkang sampun pejah, al maut fil hayah. Allah ngendika ing Al-Qur’an surat Faatir ayat 22 :
وَمَا يَسْتَوِي الْأَحْيَاء وَلَا الْأَمْوَاتُ إِنَّ اللَّهَ يُسْمِعُ مَن يَشَاءُ وَمَا أَنتَ بِمُسْمِعٍ مَّن فِي الْقُبُورِ ﴿٢٢﴾
“Lan ora padha antarane wong kang urip kelawan wong kang mati. Satemene, Gusti Allah wis paring pamireng tumrap sapa wong kang dikersa-ake; lan sira (Muhammad) ora bakal sanggup ndadek-ake wong kang wis padha dikubur (mati) iku krungu “

Ayat menika njelasaken bilih kanjeng Nabi Muhammad SAW mboten saget paring pitedah dhumateng tiyang-tiyang kafir utawi musyrik ingkang sampun mati penggalihipun, lan Al-Qur’an nganggep tiyang ingkang mekaten kados dene sampun (mati) wonten ing alam kubur.

Gesang miturut piwucal ing agami inggih menika kesinambungan antawisipun donya lan akhirat ing salebeting kawontenan bingah, kesinambungan ingkang mboten winates namung kanthi panjanging umur ing donya kemawon.

Pramila kanthi mekaten, mboten wonten artosipun gesang salah setunggaling tiyang ingkang mboten mangertos dhumateng kewajiban-kewajiban ingkang paling ageng lan wigatos ing sangersanipun Allah swt. Ssaben tiyang ingkang iman wajib pitados lan emut menawi ing gumelaring wujud gesang saat menika, taksih wonten malih wujud ingkang langkung langgeng, inggih menika akhirat samangke, ingkang kabungahanipun kedah kita upadi wiwit ing donya menika.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah.
Kaping tiga : Tawakal lan Usaha
Nalika Rasulullah saw. Kaliyan Abu Bakar r.a. sesidheman ing guwa Tsur, lan dipun buru dening toiyang kafir ingkang sampun sami ngadeg ing ngaejnging guwa menika, Abu Bakar r.a. sanget ajrih lan bingung. Rasulullah saw nentremaken kanthi paring dhawuh “Ojo kuwatir lan ojo sedhih. Satemene Gusti Allah nyartani awake dhewe.”
Lan prastawa menika dipun serat ing Al-Qur’an:

إِلاَّ تَنصُرُوهُ فَقَدْ نَصَرَهُ اللّهُ إِذْ أَخْرَجَهُ الَّذِينَ كَفَرُواْ ثَانِيَ اثْنَيْنِ إِذْ هُمَا فِي الْغَارِ إِذْ يَقُولُ لِصَاحِبِهِ لاَ تَحْزَنْ إِنَّ اللّهَ مَعَنَا فَأَنزَلَ اللّهُ سَكِينَتَهُ عَلَيْهِ وَأَيَّدَهُ بِجُنُودٍ لَّمْ تَرَوْهَا وَجَعَلَ كَلِمَةَ الَّذِينَ كَفَرُواْ السُّفْلَى وَكَلِمَةُ اللّهِ هِيَ الْعُلْيَا وَاللّهُ عَزِيزٌ حَكِيمٌ ﴿٤٠﴾
“Yen sira ora mitulungi ing Muammad, mangka satemene Allah wis paring pitulung (yaiku) nalika wong-wong kafir (Mekah) ngusir dheweke, dene salah sawiji sangka wong loro kang mapan ing guwa iku ngucap ing kancane: Sira ojo sedhih, satemene Gusti Allah nyartani ing awake dhewe. Sabanjure Allah numurunake katentreman ing dheweke lan paring pitulung kanthi wadya bala kang ora bisa sira sawang. Lan Allah ndadek-ake ucapane wong kafir iku asor dene kalimat piwulange Allah iku kang luhur (mulya). Allah Maha Prakosa lan Maha Wicaksana.” (Qs. At Taubah: 40)

Kawontenan menika benten kaliyan ingkang dumados nalika wonten prastawa perang Badar, watawis 1,5 tahun sasampunipun hijrah menika. Wekdal semanten, justry Kanjeng Nabi Muhammad SAW ingkang ketingal kuwatir lan ajrih. Dene Abu Bakar r.a. ingkang nglelipur lan nentremaken kanjeng Nabi. Menapa sebabipun dumados wonten werni kalih ingkang benten saking kanjeng Nabi lan Abu bakar? Ing mriki kita pikantuk piwucal wontenipun hakikat piwucaling agami, inggih menika : tawakal dan usaha (ikhtiar).

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah.
Rasulullah saw. kadhawuhan hijrah sanalika tumurun dhawuh menika saking Allah, tanpa dipun awiti kanthi dhawuh supados cecawis langkung rumiyin. Awit saking menika dhawuh menika dipun tindak-aken kanthi kebak ing raos keimanan bilih Gusti Allah mesthi tansah nyartani ing kanjeng Nabi. Sahingga menapa kemawon lelampahan ingkang bakal pinanggih, dipun yaini sampun dados kersanipun Allah; sahingga saat kasebat mboten wonten pawadan kangge wonten raos ajrih, ragu lan sedhih. Menika lah papan dunungipun tawakal.Benten perkawisipun kaliyan peperangan. Dangu saderengipun, kanjeng Nabi saw sampun kadhawuhan cecawis kangge ngadhepi mengsah. Allah paring pangendikan ing Al-Qur’an surat Al-Anfal ayat 60 :

وَأَعِدُّواْ لَهُم مَّا اسْتَطَعْتُم مِّن قُوَّةٍ
“ Sira kabeh padha cecawisa kanggo mgadhepi mungsuh, daya kekuatan apa wae kang sira bisa kumpulake”. Raos kuwatiripun kanjeng Nabi wekdal semanten muncul jalaran wonten pertimbangan atasipun persiapan ingkang katindak-aken menapa sampun nyekapi kangge nglampahi perang. Awit, yen raos ragu menika kabukten leres; temtu kanjeng Nabi kadosdene sampun njrumusaken umat lan agami Islam menika ngadhepi juranging bebaya. Nabi lan wadya balanipun saget kawon jalaran persiapan ingkang kirang. Ing mriki-lah papan dunungipun ikhtiar (usaha) sipat kamanungsanipun kawula dhumateng ngersanipun Allah. sepisan malih kita nampi piwucal : kapan lampah tawakal dipun trap-aken lan kados pundi batesipun, lan wigatosipun ikhtiar (usaha) ing salebeting gesang menika Mekaten khutbah ingkang saget kita aturaken saat menika. Menawi kita kepingin sukses ing salebeting nggayuh kamulyan gesang kados dene suksesipun Rasulullah SAW lan para sahabat, pramila kita kedah kathah sinau lan nulad ing prastawa hijrah menika. Mugi-mugi Gusti Allah SWT tansah paring bimbingan, kekiyatan lahir-batos lan pengayoman tumrap kita sedaya. A-miin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

Khutbah II

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ لَقَدْ جَاءَتْ رُسُلُ رَبِّنَا بِالْحَقِّ وَنُودُوا أَنْ تِلْكُمُ الْجَنَّةُ أُورِثْتُمُوهَا بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُونَ
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.
اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وِأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن. اَمَّا بَعْدُ : فَيَااَ يُّهَاالنَّاسُ !! اِتَّقُوااللهَ تَعَالىَ. وَذَرُوالْفَوَاحِشَ مَاظَهَرَوَمَابَطَنْ. وَحَافِظُوْاعَلىَ الطَّاعَةِ وَحُضُوْرِ الْجُمْعَةِ وَالْجَمَاعَةِ
وَاعْلَمُوْااَنَّ اللهَ اَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ. وَثَنَّى بِمَلاَئِكَةِ قُدْسِهِ. فَقَالَ تَعَالىَ وَلَمْ يَزَلْ قَائِلاًعَلِيْمًا: اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ.
اللَّهُمَّ إِنَّا نَعُوذُ بِكَ مِنَ البَرَصِ ، وَالجُنُونِ ، والجُذَامِ ، وَسَيِّيءِ الأسْقَامِ
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
اللَّهُمَّ إنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى ، والتُّقَى ، والعَفَافَ ، والغِنَى
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ و َمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

Leave a Comment

Your email address will not be published. Required fields are marked *

*
*