Naskah Khutbah Jumat BAHASA JAWA Dewan Dakwah BantulEdisi 024/Tahun III/2023
Ingin mendapatkan materi Khutbah Jumat?
Group WhatsApp
: https://chat.whatsapp.com/JwOZ6ZelLUx5BTam0cYhFn
Naskah lengkap dari awal bisa dibuka di Channel Telegram : https://t.me/khutbah_DDII_Bantul
PANGEJAWANTAHING IMAN TAUHID
Dening : Ust. Zainal Abidin
Khutbah I
ุงูููุญูู
ูุฏู ููููู ุงูููุฐูู ุฃูุฑูุณููู ุฑูุณูููููู ุจูุงููููุฏูู ููุฏูููู ุงููุญูููู ููููุธูููุฑููู ุนูููู ุงูุฏููููู ููููููู ููููููู ุจูุงูููููู ุดููููุฏุงู
ุฃูุดูููุฏู ุฃููู ูุงู ุฅูููู ุฅููููุง ุงูููู ููุญูุฏููู ูุงู ุดูุฑููููู ูููู. ููุฃูุดูููุฏู ุฃููู ู
ูุญูู
ูุฏูุง ุนูุจูุฏููู ููุฑูุณููููููู ูุงู ููุจูููู ุจูุนูุฏููู.
ุงูููููู
ูู ุตูููู ููุณูููู
ู ุนูููฐู ุณููููุฏูููุง ู
ูุญูู
ูุฏู ููุนููู ุขูููู ููุฃูุตูุญูุงุจููู ููู
ููู ุชูุจูุนูููู
ู ุจูุฅูุญูุณูุงูู ุฅูููู ููููู
ู ุงูุฏูููู. ุงูู
ููุง ุจูุนูุฏูุ ููููุง ุนูุจูุงุฏู ุงููููุ ุงูููุตูููููู
ู ููุงููููุงูู ุจูุชูููููู ุงูููู ููุทูุงุนูุชููู ููุนููููููู
ู ุชูููููุญููููู.
ููุงุฃูููููุง ุงููุฐููููู ุขู
ูููููุง ุงุชููููุง ุงูููู ุญููู ุชูููุงุชููู ูููุงู ุชูู
ูููุชูููู ุฅููุงู ููุฃูููุชูู
ู ู
ูุณูููู
ููููู
ููุงูู ุงูููู ุชูุนูุงููู ููู ุงููููุฑูุขูู ุงููููุฑูููู
ูุ ุฃูุนูููุฐู ุจูุงูููู ู
ููู ุงูุดููููุทูุงูู ุงูุฑููุฌูููู
ู.
ููู
ูุง ุฃูู
ูุฑููุง ุฅููููุง ููููุนูุจูุฏููุง ุงูููููู ู
ูุฎูููุตูููู ูููู ุงูุฏููููู ุญูููููุงุก ูููููููู
ููุง ุงูุตููููุงุฉู ููููุคูุชููุง ุงูุฒููููุงุฉู ููุฐููููู ุฏูููู ุงูููููููู
ูุฉู
Maโasyiral Muslimin rahimakumullah,
Iman nggadhahi makna pitados, yakin. Lan ing salebeting iman wonten raos tundhuk midherek (taat) dhumateng sedaya perkawis ingkang ginaris ing piwucalipun. Iman mboten cekap namung kanthi ucapan tetembungan. Iman nembe badhe kabukten nalikanipun setunggaling tiyang ngadhepi pacoban, kadosdene firman pangendikanipun Allah SWT:ุฃูุญูุณูุจู ุงููููุงุณู ุฃูู ููุชูุฑููููุง ุฃูู ููููููููุง ุขู
ููููุง ููููู
ู ููุง ููููุชูููููู ๏ดฟูข๏ดพ
โOpo umat manungsa duwe pangira menawa dheweke bakal disekarep sawise : โKawula sampun iman โ, kamangka dheweke durung antuk pacoban?โ (Qs. Al Ankabut: 2)ููููููุฏู ููุชููููุง ุงูููุฐูููู ู
ูู ููุจูููููู
ู ููููููุนูููู
ูููู ุงูููููู ุงูููุฐูููู ุตูุฏููููุง ููููููุนูููู
ูููู ุงููููุงุฐูุจูููู ๏ดฟูฃ๏ดพ
โLan yekti ingsun Allah wis paring pacoban marang wong-wong sadurunge dheweke, mangka Allah priksa marang wong-wong kang bener ing imane, lan yekti panjenengane priksa wong-wong kang padha cidra.โ (Qs Al Ankabut: 3)
Pacoban ing salebeting iman menika wujudipun mawerni-werni, wonten ingkang wujud dhawuh lan awisanipun Allah, wonten ingkang minangka musibah lan bebaya, wonten ugi ingkang minangka kahanan ingkang dipun sandhang (ingkang sae utawi awon)
Maโasyiral Muslimin rahimakumullah,,
Ing salebeting pepaking kahanan gesang kita dipun dhawuhi amrih tansah nglampahi ing tumindak taat midherek dhumateng Allah lan Rasul. Kados dhawuhipun ing al-Qurโan:ููุฃูุทููุนููุงู ุงููููู ููุงูุฑููุณูููู ููุนููููููู
ู ุชูุฑูุญูู
ูููู ๏ดฟูกูฃูข๏ดพ
โLan sira padha nindakno ta`at ing Allah lan Rasul, supaya sira nampa rahmat.โ (Qs. Ali โImran: 132)
Ing ayat sanes dipun tegasaken:
ููู
ูุง ุขุชูุงููู
ู ุงูุฑููุณูููู ููุฎูุฐูููู ููู
ูุง ููููุงููู
ู ุนููููู ููุงูุชููููุง ููุงุชูููููุง ุงูููููู ุฅูููู ุงูููููู ุดูุฏููุฏู ุงููุนูููุงุจู ๏ดฟูง๏ดพ
โApa wae kang diparingake Rasul marang sira, mangka padha tindakno. Lan apa wae kang dilarang tumrap sira, mangka padha tinggalno; lan padha takwa-o sira marang Allah. Satamene pasiksane Allah iku banget abot.โ (Qs Al Hasyr: 7)
Ing salebeting gesangipun tiyang muslim, mboten wonten perkawis ingkang langkung mulya tinimbang iman tauhid (nyawijek-aken) Allah โAzza wa Jalla. Mboten wonten ngelmu ingkang paling wigatos (penting) kejawi tauhidullah lan ngelmu perkawis hak-hak ipun Allah Subhanahu wa Taโala.
Pramila kuwajiban satunggaling kawula salajengipun inggih menika mbudidaya mangeja-wantahaken iman tauhid menika kanthi sae ing gesang padintenan. Jalaran namung kanthi iman tauhid kita badhe lumebet ing suwarga. Saestu Allah bakal njamin suwarga namung tumrap tiyang ingkang seda ing salebetipun ngugem-ugemi iman tauhid. Rasulullah SAW paring sabda:ู
ููู ู
ูุงุชู ูููููู ููุนูููู
ู ุฃูููููู ููุง ุฅููููู ุฅููููุง ุงูููููู ุฏูุฎููู ุงููุฌููููุฉู
โSapa wong kang mati ing sajroning rasa iman ing kalimat โLaa Ilaaha illallahโ, mangka dheweke mesthu mlebu ing suwarga.โ (HR. Muslim)
Maโasyiral Muslimin rahimakumullah,
Ing wulan haji lan Qurban saat menika, kasinggihan sanget yen kita sami nuladha mendhet piwucal saking Nabiyullah Ibrahim a.s. Panjenenganipun miangka satunggaling Nabi ingkang saestu pinilih: kados pundi nglampahi lan njagi iman tauhid dhumateng Allah.
Kanjeng Nabi brahim a.s. nampi dhawuh saking Allah SWT supados nyembelih putranipun ingkang sesilih Ismail, lan kekalihipun saestu ngleksana-aken kanthi tulus ikhlas. Dhawuh ingkang mekaten ndamel โgorehing manahโ moten ndadosaken โmangro tingalโ namung kanthi pawadan katresnan utawi welas asihipun dhumateng putra lan kulawarga.
Kekalihipun mboten ngrerendhe utawi pados pawadan sanes kangge โselakโ utawi mlincur saking dhawuh menika. Dhawuhipun Allah menika gamblang, terang terwaca lan mutlak kagem dipun leksana-aken. Pramila mboten nggumunaken menawi kanjeng Nabi Ibrahimm a.s. lajeng nampi gelar minangka khalilullah (inggih menika kekasih ipun Allah).
Patuladhan ingkang mekaten agung kaluhuranipun dipun serat ing Al-Qurโan:ุฅูููู ุฅูุจูุฑูุงูููู
ู ููุงูู ุฃูู
ููุฉู ููุงููุชุงู ูููููู ุญูููููุงู ููููู
ู ูููู ู
ููู ุงููู
ูุดูุฑูููููู ๏ดฟูกูขู ๏ดพ
โYekti Ibrahim iku mukudake patuladhan kang tansah mituhu lan taat marang Allah lan kebak ing rasa khusyuโ (tansah bakoh ngugemi tauhidullah) lan dheweke ora nate nyakuto-ake marang Allah.โ (QS. An-Nahl:120)
Maโasyiral Muslimin rahimakumullah,,
Tauhid minangka perkawis wigatos dakwahipun para rasul. Perkawis menika sampun dipun wedhar ing kisah-kisah salebeting Al Qurโan. Tauhid minangka wasiat (piwucal) sepisanan tumrap sedaya kawula. Allah Taโala paring firman,ููููุถูู ุฑูุจูููู ุฃููุงูู ุชูุนูุจูุฏููุงู ุฅููุงูู ุฅููููุงูู ๏ดฟูขูฃ๏ดพ
โLan Allah pangeranira wis paring dhawuh supaya sira ojo nyembah marang sa-liyani panjenengane Allah.โ (Qs. Al-Israโ: 23).
Tauhid minangka perkawis ingkang dipun tengenaken (dados prioritas) tumrap tiyang-tiyang shaleh. Nabi shallallahu โalaihi wa sallam miwiti dakwah (piwucaling) syiar kanthi dhawuhipun:ููุง ุฃููููููุง ุงููููุงุณู ููููููุง: ููุง ุฅููููู ุฅููููุง ุงููููุ ุชูููููุญููุง
โHei sakabehing umat manungsa, ucapno โLaa ilaaha illallahโ, sira bakal antuk kabegjan.โ (HR. Ahmad lan Ibnu Hibban).
Lan iman tauhid ugi minangka perkawis pungkasan ing salebeting gesangipun tiyang iman. Rasulullah shallallahu โalaihi wa sallam paring sabda,ููููููููุง ู
ูููุชูุงููู
ู ูุงู ุฅููููู ุฅููุงูู ุงูููููู
โTuntunen (talqin) ing wong kang bakal tumeka pati ing antarane sira kanthi kalimat โlaa ilaha illallahโ (HR. Muslim)
Maโasyiral Muslimin rahimakumullah,,
Kanthi iman tauhid, kita tansah dipun emutaken amrih gesang kita samung kangge pados ridhanipun Allah, kados dhawuh firman-ipun:ูููู ุฅูููู ุตููุงูุชูู ููููุณูููู ููู
ูุญูููุงูู ููู
ูู
ูุงุชูู ูููููู ุฑูุจูู ุงููุนูุงููู
ูููู ๏ดฟูกูฆูข๏ดพ
โUcapno: โSaestunipun shalat kawula, ibadah kawula, gesang lan pejah kawula namung kagem pados ridhanipun Allah, ingkang mangerani alam jagad raya,โ (Qs. Al Anโam: 162)ูุงู ุดูุฑูููู ูููู ููุจูุฐููููู ุฃูู
ูุฑูุชู ููุฃูููุงู ุฃูููููู ุงููู
ูุณูููู
ูููู ๏ดฟูกูฆูฃ๏ดพ
โmboten wonten tetandhingan tumrap Allah; lan mekaten menika ingkang dipun dhawuhaken ing kawula, lan kawula minangka tiyang ingkang sepisanan sumarah midherek dhumateng Allahโ. (Qs al Anโam: 163)
Ayat menika suraosipun njurung ing kita amrih saben wonten dhawuh utawi timbalanipun allah, kita supados age-age utawi gegancangan anggenipun nindak-aken.
Para Nabi lan Rasul sampun dipun uji kanthi katahing pacoban ingkang awrat, dene pacoban tumrap kita minangka jalma manungsa lumrah mboten sami kadosdene pacobanipun para nabi lan rasul menika. Cekap kanthi dhawuh ing salebeting ngibadah, kadosdene: shalat, puasa, zakat lan haji, bakal ketingal bobot bijininipun iman kita ing sangersanipun Allah : kados pundi anggen kita sami nindak-aken dhawuh? ..
Maโasyiral Muslimin rahimakumullah,,
Ing salebeting kalimat takbir (ุงูููู ุงูููุจูุฑู) ing suwanten adzan utawi awal ibadah shalat, kita sami ngakeni maha agung lan kuwaosipun Allah. Ing saat kasbat kita dipun emutaken bilih ing gesang menika ingkang paling agung lan wigatos inggih namung Allah, dene sedaya perkawis sanesipun ing ndonya menika namung alit, lan sedaya mboten penting. Ingkang paling penting lan kedah dipun tengen-aken (minangka prioritas) inggih namung nyembah โ ngumawula dhumateng Allah SWT.
Pramila satunggaling muslim ingkang saestu iman tauhid dhumateng Allah (tauhidullah) bakal age-age nindak-aken tibalaning shalat, kados dhawuh firman Allah:ููุง ุฃููููููุง ุงูููุฐูููู ุขู
ููููุง ุฅูุฐูุง ูููุฏูู ูููุตููููุงุฉู ู
ูู ููููู
ู ุงููุฌูู
ูุนูุฉู ููุงุณูุนูููุง ุฅูููู ุฐูููุฑู ุงูููููู ููุฐูุฑููุง ุงููุจูููุนู ุฐูููููู
ู ุฎูููุฑู ูููููู
ู ุฅูู ูููุชูู
ู ุชูุนูููู
ูููู ๏ดฟูฉ๏ดพ
โHei wong-wong kang padha iman, menawa sira wis padha tinimbalan kanggo nindakake shalat ing dina Jum`at, mangka enggal-enggalo sira padha eling marang Allah lan padha tinggalno dedaganganiro. Kang mengkono iku luwih becik tumrap sira yen sira padha mangerteni,โ (Qs. Al Jumuโah: 9)
Nalika kita nundha utawi ngrerendhe nindak-aken sholat, ateges kita sampun mangro tingal dhumateng Allah, jalaran kita langkung nuruti lan midherek perkawis sanes kagem dipun lampahi, tinimbang nindakaken dhawuhipun Allah.
Mekaten ugi, kanthi kalimat talbiyah ing ibadah haji lan umrah, kita sampun dipun paringi piwucal kados pundi latihan kagem nengen-aken dhawuh timbalanipun Allah, pados ridanipun Allah lan saget nengenaken hak Allah tinimbang perkawis sanes-sanesipun.
ููุจูููููู ุงููููฐููู
ูู ููุจูููููู ููุจูููููู ููุง ุดูุฑููููู ูููู ููุจูููููู ุฅูููู ุงููุญูู
ูุฏู ููุงููููุนูู
ูุฉู ูููู ููุงููู
ููููู ููุง ุดูุฑููููู ูููู
Kawula sowan ngestok-aken dhawuh timbalan paduka, dhuh Gusti Allah. Kawula sowan dhumateng Paduka. Mboten wonten tetandhingan tumrap Paduka, kawula ngestok-aken timbalan Paduka. Saestu sedaya puji lan nikmat, lan sedaya panguwaos menika namung kagungan Paduka Allah, mboten wonten tetandhingan tumrap Paduka
Maโasyiral Muslimin rahimakumullah,,
Saestunipun istiqomah ing salebeting iman tauhid minangka jalaran bakal nampi katentreman lan hidayah ing ndonya lan akhirat. Allah Subhanahu wa Taโala paring firman,ุงูููุฐูููู ุขู
ููููุงู ููููู
ู ููููุจูุณููุงู ุฅููู
ูุงููููู
ุจูุธูููู
ู ุฃููููููุฆููู ููููู
ู ุงูุฃูู
ููู ููููู
ู
ููููุชูุฏูููู ๏ดฟูจูข๏ดพ
โWong-wong kang padha iman lan ora nyampur ing imane kanthi laku zhalim (syirik) dheweke iku bakal nampa katentreman lan rasa aman, dheweke iku wong kang padha antuk pituduh.โ [Quran Al-Anโam: 82].
Sinten tiyangipun ingkang saestu nglampahi lan njagi iman tauhid kanthi sae bakal nampi katntreman gesang lan pitedah (hidayah) ingkang sampurna ing ndonya lan akhirat. Kanthi midherek, taat ing Allah, pramila kita sedaya bakal pikantuk kabegjan, kabingahan lan kamulyan gesang ingkang hakiki. ููุง ุฃููููููุง ุงูููุฐูููู ุขู
ููููุงู ุงุณูุชูุฌููุจููุงู ูููููู ูููููุฑููุณูููู ุฅูุฐูุง ุฏูุนูุงููู
ููู
ูุง ููุญููููููู
ู ููุงุนูููู
ููุงู ุฃูููู ุงููููู ููุญูููู ุจููููู ุงููู
ูุฑูุกู ููููููุจููู ููุฃูููููู ุฅููููููู ุชูุญูุดูุฑูููู ๏ดฟูขูค๏ดพ
&โHei wong-wong kang padha iman, tindakno timbalane Allah lan Rasul nalikane Rasul wis nimbali ing sira tumuju sawijining perkara kang bakal dadi panguripan ing awakira, lan padha sumurupa menawa yekti Allah mbatesi antarane manungsa lan atine, lan yekti ing panjenengane Allah sira bakal dikumpulake baliโ_ (Qs. Al Anfal: 24)
Mekaten atur khutbah ing siang menika, mugi-mugi saget dados pemut tumrap kita amrih tansah njagi lan mangejawantahaken raos iman tauhid menika ing sadhengah wekdal, papan lan kawontenan. Mugi mugi Allah SWT tansah paring pitedah, pangayoman lan kekiyatan ing kita saget tansah istiqomah ing margi ingkang jejeg. Amiin.
ุจูุงุฑููู ุงูููู ููู ููููููู ู ููู ุงูููุฑูุขูู ุงูุนูุธูููู ูุ ููููููุนูููู ููุฅููููุงููู ู ุจูู ูุง ูููููู ู ููู ุงููุขูุงูุชู ููุงูุฐููููุฑู ุงูุญูููููู ู ููุชูููุจูููู ู ููููู ููู ูููููู ู ุชููุงูููุชููู ูุฅูููููู ูููู ุงูุณููู ูููุนู ุงูุนูููููู ู.
Khutbah II
ุงููุญูู
ูุฏู ูููููฐูู ุฑูุจูู ุงููุนูุงููู
ูููููุ ููุจููู ููุณูุชูุนููููู ุนูููู ุฃูู
ูููุฑู ุงูุฏููููููุง ููุงูุฏููููููุ ุฃูุดูููุฏู ุฃููู ูุงู ุฅููููู ุฅููุงูู ุงูููู ููุญูุฏููู ูุงู ุดูุฑููููู ูููู ููุฃูุดูููุฏู ุฃูููู ู
ูุญูู
ููุฏูุง ุนูุจูุฏููู ููุฑูุณูููููููุ ุงูููููููู
ูู ุตูููู ููุณููููู
ู ุนูููู ููุจููููููุง ู
ูุญูู
ููุฏู ููุนูููู ุขูููู ููุตูุญูุจููู ููู
ููู ุชูุจูุนูููู
ู ุจูุฅูุญูุณูุงูู ุฅูููู ููููู
ู ุงูุฏูููููู
ุฃูู
ููุง ุจูุนูุฏูุ ุนูุจูุงุฏู ุงููููุ ุฃูููุตูููููู
ู ููุฅููููุงูู ุจูุชูููููู ุงููููุ ููุงุชูููููุง ุงูููู ุญูููู ุชูููุงุชููู ูููุงู ุชูู
ูููุชูููู ุฅููุงูู ููุฃููุชูู
ู ู
ููุณูููู
ููููู
ุฅูููู ุงูููู ููู
ููุงูุฆูููุชููู ููุตูููููููู ุนูููู ุงููููุจูููู ููุง ุฃููููููุง ุงูููุฐููููู ุขู
ูููููุง ุตููููููุง ุนููููููู ููุณููููู
ูููุง ุชูุณูููููู
ูุง.
ุงููููููู
ูู ุตูููู ุนูููู ู
ูุญูู
ููุฏู ููุนูููู ุขูู ู
ูุญูู
ููุฏูุ ููู
ูุง ุตููููููุชู ุนูููู ุฅูุจูุฑูุงููููู
ู ููุนูููู ุขูู ุฅูุจูุฑูุงููููู
ูุ ููุจูุงุฑููู ุนูููู ู
ูุญูู
ููุฏู ููุนูููู ุขูู ู
ูุญูู
ููุฏูุ ููู
ูุง ุจูุงุฑูููุชู ุนูููู ุฅูุจูุฑูุงููููู
ู ููุนูููู ุขูู ุฅูุจูุฑูุงููููู
ูุ ููู ุงูุนูุงููู
ููููู ุฅูููููู ุญูู
ูููุฏู ู
ูุฌูููุฏูุ
ุงููููููู
ูู ุงุบูููุฑู ููููู
ูุคูู
ููููููู ููุงููู
ูุคูู
ูููุงุชูุ ููุงููู
ูุณูููู
ููููู ููุงููู
ูุณูููู
ูุงุชูุ ุงูุฃูุญูููุงุกู ู
ูููููู
ู ููุงูุฃูู
ูููุงุชูุ ุฅูููููู ุณูู
ูููุนู ููุฑูููุจู ู
ูุฌูููุจู ุงูุฏููุนูุงุกู.
ุงููููููู
ูู ุฅููููุง ููุณูุฃููููู ุงููููุฏูู ููุงูุชููููู ููุงูุนูููุงูู ููุงูุบูููู.
ุงูููููููู
ูู ุฃูุตูููุญู ููููุง ุฏูููููุง ุงููููุฐูู ูููู ุนูุตูู
ูุฉู ุฃูู
ูุฑูููุง ููุฃูุตูููุญู ููููุง ุฏูููููุง ููุง ุงููููุชูู ูููููุง ู
ูุนูุงุดููุง ููุฃูุตูููุญู ููููุง ุขุฎูุฑูุชูููุง ุงููููุชูู ุฅูููููููุง ู
ูุนูุงุฏููุง ููุงุฌูุนููู ุงูููุญูููุงุฉู ุฒูููุงุฏูุฉู ููููุง ููู ููููู ุฎูููุฑู ููุงุฌูุนููู ุงูููู
ูููุชู ุฑูุงุญูุฉู ููููุง ู
ููู ููููู ุดูุฑูู.
ุฑูุจููููุง ุธูููู
ูููุง ุฃูููููุณูููุง ููุฅููู ููู
ู ุชูุบูููุฑู ููููุง ููุชูุฑูุญูู
ูููุง ููููููููููููู ู
ููู ุงูุฎูุงุณูุฑููููู.
ุฑูุจููููุง ุขุชูููุง ูู ุงูุฏููููููุง ุญูุณูููุฉู ูููู ุงูุขุฎูุฑูุฉู ุญูุณูููุฉู ููููููุง ุนูุฐูุงุจู ุงููููุงุฑู.l