Naskah Khutbah Jumat BAHASA JAWA Dewan Dakwah BantulEdisi 006/Tahun III/2023
Ingin mendapatkan materi Khutbah Jumat?
๐ข Group WhatsApp 3๏ธโฃ : https://chat.whatsapp.com/LLH6iduekXrCVt4tsszX7I
๐ต Naskah lengkap dari awal bisa dibuka di Channel Telegram : https://t.me/khutbah_DDII_Bantul
๐ต Rekening Donasi Dakwah :
Bank Syariah Indonesi 899 0000 997
atas nama : Dewan Dakwah Bantul
DEDALANE NGGAYUH TAKWA
Dening : Ust. Saiful Bahri
Khutbah I
ุงูููุญูู
ูุฏู ูููููู ุฑูุจูู ุงููุนูุงููู
ููููู ููุญูู
ูุฏููู ููููุณูุชูุนููููููู ููููุณูุชูุบูููุฑููู ููููุชูููุจู ุฅููููููู ููููุนูููุฐู ุจูุงูููู ู
ููู ุดูุฑูููุฑู ุฃูููููุณูููุง ููุณููููุฆูุงุชู ุฃูุนูู
ูุงููููุง ู
ููู ููููุฏู ุงูููู ูููุงู ู
ูุถูููู ูููู ููู
ููู ููุถููููู ูููุงู ููุงุฏููู ูููู
ุงูุดูููุฏู ุงููู ูุงู ุงูููู ุงููุงูู ุงูููู ููุญูุฏููู ูุงู ุดูุฑููููู ูููู ููุงูุดูููุฏู ุงูููู ู
ูุญูู
ููุฏูุง ุนูุจูุฏููู ููุฑูุณููููููู
ููุงูุตูููุงูุฉู ููุงูุณูููุงูู
ู ุนูููู ููุจููููููุง ู
ูุญูู
ููุฏู ููุนูููู ุกูุงูููู ููุงูุตูุญูุงุจููู ููู
ููู ุชูุจูุนููู ุงูููู ููููู
ู ุงูุฏูููููู
ููููุงุนูุจูุงุฏู ุงูููู : ุงูููุตูููููู
ู ููููููุณูู ุจูุชููููู ุงูููู ููุทูุงุนูุชููู ููุนููููููู
ู ุชูููููุญููููู. ููุงูู ุงูููู ุชูุนูุงููู ููู ุงููููุฑูุขูู ุงููููุฑูููู
ู: ููุงุงููููููุง ุงูููุฐููููู ุงูู
ููููุง ุงุชูููููุง ุงูููู ุญูููู ุชูููุงุชููู ูููุงู ุชูู
ูููุชูููู ุงููุงูู ููุงูููุชูู
ู ู
ูุณูููู
ููููู
ููุง ุฃููููููุง ุงูููุฐููููู ุกูุงู
ููููุง ุงุชูููููุง ุงูููู ููููููููููุง ูููููุงู ุณูุฏูููุฏูุง. ููุตูููุญู ููููู
ู ุฃูุนูู
ูุงููููู
ู ููููุบูููุฑู ููููู
ู ุฐูููููุจูููู
ู ููู
ููู ููุทูุนู ุงูููู ููุฑูุณููููููู ููููุฏู ููุงุฒู ููููุฒูุง ุนูุธูููู
ูุง. ุฃูู
ููุง ุจูุนูุฏูุ
Maโasyiral muslimin, rahimakumullah ..
Tembung takwa, miturut Profesor Hamka ing kitab tafsir Al-Azhar, saking Bahasa Arab โwiqayahโ ingkang ateges njagi, utawi ngrumat.. Njagi sesambungan ngabektinipun dhumateng Allah SWT. Njagi amrih mboten ngantos kejeblos ing tumindak ingkang nistha lan mboten dipun ridho-i dening Allah.
Njagi ing sedaya dhawuhipun supados sanget ngleksana-aken, njagi amrih mboten kejrumus ing tumindak ingkang kebak rereget lan kacintrakan. Kanthi mekaten, takwa maknanipun mboten saget namung awujud raos ajrih dhumateng Allah. Nanging pancen ajrih menika sak-perangan alit kemawon saking suraosipun takwa menika.
Miturut professor Hamka, ing salebeting takwa menika ngemu suraos asih lan tresna, pangajeng-ajeng, lan raos kuwatir, tawakal, ridha, lan sabar. Takwa mibangka cak-cakanipun iman lan amal saleh. Malah ugi, ing tembung takwa menika ngemu teges โwaniโ. Utawi mboten ajrih, mlincur utawi gigrik ngadhepi perkawis.
Takwa mujudaken dhawuhipun Allah tumrap sedaya umat manusngsa kados pangendikanipun ing al-Qurโan:
ููุง ุฃููููููุง ุงููููุงุณู ุงุนูุจูุฏููุงู ุฑูุจููููู
ู ุงูููุฐูู ุฎูููููููู
ู ููุงูููุฐูููู ู
ูู ููุจูููููู
ู ููุนููููููู
ู ุชูุชููููููู ๏ดฟูขูก๏ดพ
โHe umat manungsa, padha nyembah-a sira ing Gusti Allah pangeranira, kang Panjenengane wis nyipta ing sira lan wong wong sadurunge sira kabeh, amrih sira dadi kawula kang padha takwaโ (Qs. Al-Baqarah: 21)
Maโasyiral muslimin, rahimakumullah ..
Ing salebeting rekadaya nggayuh takwa lan amrih tansah saget dipun jagi kesaenanipun, wonten saperangan cara ingkang saget kita lampahi, ing anatawisipun inggih menika Muhasabah, Muraqabah, Mujahadah lan Muโaqabah:
1๏ธโฃ Muhasabah, inggih menika sacara pribadi nindakaken petangan (mulat salira) ing atasing lampah gesang ingkang dipun alami. Saumpami : magepokan kaliyan umur, kathahing nikmat ingkang sampun dipun tampi, lan sepinten agengipun lampah taat nindak-aken dhawuhing agami.
Tiyang ingkang nindakaken muhasabah baka dados toying ingkang wicaksana, saget ndunungaken (mapanaken) sedaya perkawis ing gesang kanthi pratitis. Jalaran nalar lan manahipun saestu dipun agem kangge metangaken sae utawi awon, bathi utawi rugi, bejo utawi cilaka ing gesang menika.
2๏ธโฃ Muraqabah, inggih menika nuwuhaken raos โelingโ bilih kita sedaya menika tansah ing salebeting pengawasan saking Allah, bilih Panjenenganipun minangka dzat ingkang tansah mriksani lanmidhanget ing saben tumindak kita.
Menawi tiyang saget mujudaken muraqabah saking Allah, pramila piyambakipun bakal tansah ngamal tumindak ingkang sae, mboten bakal tuwuh penggalih utawi sedya kagem nglanggar (nrabas) aturan menapa kemawon. Menapa malih kok ngantos sengaja ngrancang badhe tumindak awon lan lampah dosa.
Maโasyiral muslimin, rahimakumullah ..
3๏ธโฃ Mujahadah, inggih menika nuwuhaken tekad ingkang kiyat kangge โberjuangโ anggenipun ngleksanaaken dhawuhipun Allah. Saestu anggenipun mbudidaya nindak-aken kuwajiban minangka satunggaling kawula. Nalika kita saget nindak-aken satunggaling lampah taat ing agami, pramila saestnipun badhe tuwuh raos bingah ing salebeting manah.
4๏ธโฃ Muโaqabah, inggih menika paring โukumanโ tumrap dhiri pribadi kanthi nindakaken amal esaenan ingkang tikel matikel nalikanipun kita leno utawi teledor saking nindak-aken kuwajiban agami, utawi kebacut tumindak lepat.
Saumpami: mboten saget nderek sholat berjamaah, pramila kita piyambak saget โngukum dhiri pribadiโ kanthi infak ingkang jumlahipun sampun dipun temtok-aken. Utawi kanthi maos Al-Qurโan 1 juz. Utawi saget ugi wujud amal kesaenan sanesipun minangka cara paring pemut ing dhiri pribadi amrih kita tetep lumampah ing margi ingkang leres.
Wonten satunggaling kisah ingkang dipun lampahi dening Sahabat Umar bin Khatab. Nalika piyambakipun tindak ing kebun kurma kagunganipun ingkang saestu subur. Awit saking ndamel remen lan bingahipun, piyambakipun ngantos supe ing wekdal. Nailka wangsul ing nggriya, jebul sampun ketinggalan nindak-aken shalat ashar jamaโahan.
Pramila piyambakipun lajeng ngucap:
โInna lillahi wa inna ilahi rojiโun. Aku ketinggalan shalat jamaah.โ
Minangka ijolipun lan dados ukuman kagem pribadhinipun, piyambakipun ngucap โSeksenono, wiwit saiki aku nyedekah-ake kebunku kanggo wong-wong miskin,โ
Maโasyiral muslimin, rahimakumullah ..
Meniko-lah sekawan (4) cara ingkang saget dipun agem kangge nggayuh lan njagi raos takwa. Kanthi takwa menika, Allah badke paring dhumateng kita margi kangge mbengkas ruwet rentenging gesang, lan badhe pinaringan sawernining margi ingkang gampil ngadhepi perkawis gesang kita. Allah paring dhawuh ing bab kautamanipun takwa:
ููู
ูู ููุชูููู ุงูููู ููุฌูุนูู ููููู ู
ูุฎูุฑูุฌูุง
โSapa wae kawula kang takwa ing ngersane Allah, temen Panjenengane Allah bakal paring ing dheweke uwal saka pepeteng uripโ. (Q.S. Ath-Thalaq: 2).
ููู
ูู ููุชูููู ุงูููู ููุฌูุนูู ููููู ู
ููู ุฃูู
ูุฑููู ููุณูุฑูุง
โLan sapa wae kawula kang takwa ing ngersane Allah, temen Panjenengane Allah bakal paring gampang ing saben-saben urusaneโ. (Q.S. Ath-Thalaq: 4).
Maโasyiral muslimin, rahimakumullah ..
Takwa ingkang kados mekaten sanget wigatos kagem ngadhepi sawernaning kawontenan ingkang mboten ajeg, kados ing wekdal samenika sedaya ngalami owah gingsir mboten saget dipun singkiri ing sedaya perkawis gesang.
Allah SWT paring pemut ing kita sedaya bilih sangu ingkang paling sae kagem ngadhepi sedaya perkawis inggih menika namung takwa:
ููุชูุฒููููุฏููุงู ููุฅูููู ุฎูููุฑู ุงูุฒููุงุฏู ุงูุชููููููู ููุงุชููููููู ููุง ุฃูููููู ุงูุฃูููุจูุงุจู
โLan sira kabeh padha golek-a sangu, dene sak-becik-becike sangu yaiku takwa; lan sira kabeh padha takwa-a ing ngersaning-Sun Allah, he – wong-kang padha nduweni akal pikiranโ (Qs. Al Baqarah: 197)
Mekaten khutbah Jumat ing siang menika mugi manfaat. Sumangga kita tansah njagi iman lan takwa amrih tetep istiqomah, sahingga minangka pribadi, kulawarga lan masyarakat Indonesia tansah pikantuk margi ingkang gampil kagem uwal saking mapinten-pinten perkawis gesang, kanthi rahmat lan ridhonipun Allah SWT. A-miin
ุจูุงุฑููู ุงูููู ููู ููููููู ู ููู ุงููููุฑุฃูู ุงููุนูุธูููู ูุ ููููููุนูููู ููุฅูููุงููู ู ุจูู ูุงูููููู ู ููู ุงูุงูฐููุงุชู ููุงูุฐููููุฑู ุงููุญูููููู ูุ ูู ุชูููุจูููู ู ููููู ูู ู ูููููู ู ุชููุงูููุชููู ุฅูููููู ูููู ุงููุณู ูููุนู ุงููุนูููููู ู
Khutbah II
ุงูููุญูู
ูุฏู ููููู ููููููฐูุ ููุณููุงูู
ู ุนูููฐู ุนูุจูุงุฏููู ุงูููุฐููููู ุงุตูุทูููฐู. ุฃูุดูููุฏู ุฃููู ูุงู ุฅูููู ุฅููููุง ุงูููู ููุญูุฏููู ูุงู ุดูุฑููููู ูููู. ููุฃูุดูููุฏู ุฃููู ู
ูุญูู
ูุฏูุง ุนูุจูุฏููู ููุฑูุณููููููู ูุงู ููุจูููู ุจูุนูุฏููู.
ุงูููููู
ูู ุตูููู ููุณูููู
ู ุนูููฐู ุณููููุฏูููุง ู
ูุญูู
ูุฏู ููุนููู ุขูููู ููุฃูุตูุญูุงุจููู ููู
ููู ุชูุจูุนูููู
ู ุจูุฅูุญูุณูุงูู ุฅูููู ููููู
ู ุงูุฏูููู
ุฃูู
ููุง ุจูุนูุฏูุ ุนูุจูุงุฏู ุงููููุ ุฃูููุตูููููู
ู ููุฅููููุงูู ุจูุชูููููู ุงููููุ ููุงุชูููููุง ุงูููู ุญูููู ุชูููุงุชููู ูููุงู ุชูู
ูููุชูููู ุฅููุงูู ููุฃููุชูู
ู ู
ููุณูููู
ููููู
ุฅูููู ุงูููู ููู
ููุงูุฆูููุชููู ููุตูููููููู ุนูููู ุงููููุจูููู ููุง ุฃููููููุง ุงูููุฐููููู ุขู
ูููููุง ุตููููููุง ุนููููููู ููุณููููู
ูููุง ุชูุณูููููู
ูุง.
ุงููููููู
ูู ุตูููู ูู ุณููููู
ู ุนูููู ุณููููุฏูููุง ูู ุญูุจูููุจูููุง ู
ูุญูู
ููุฏู ูููุนูููู ุงูููู ูู ุณูุงุฆูุฑู ุงูุตููุญูุงุจูุฉู ูู ุงูุชููุงุจูุนููููู ููู
ููู ุชูุจูุนูููู
ู ุจูุงูุญูุณูุงูู ุงูููู ููููู
ู ุงูุฏูููููู
ุงููููููู
ูู ุงุบูููุฑู ููููู
ูุคูู
ููููููู ููุงููู
ูุคูู
ูููุงุชูุ ููุงููู
ูุณูููู
ููููู ููุงููู
ูุณูููู
ูุงุชูุ ุงูุฃูุญูููุงุกู ู
ูููููู
ู ููุงูุฃูู
ูููุงุชูุ ุฅูููููู ุณูู
ูููุนู ููุฑูููุจู ู
ูุฌูููุจู ุงูุฏููุนูุงุกู.
ุงูููููููู
ูู ุฃูุตูููุญู ููููุง ุฏูููููุง ุงููููุฐูู ูููู ุนูุตูู
ูุฉู ุฃูู
ูุฑูููุง ููุฃูุตูููุญู ููููุง ุฏูููููุง ููุง ุงููููุชูู ูููููุง ู
ูุนูุงุดููุง ููุฃูุตูููุญู ููููุง ุขุฎูุฑูุชูููุง ุงููููุชูู ุฅูููููููุง ู
ูุนูุงุฏููุง ููุงุฌูุนููู ุงูููุญูููุงุฉู ุฒูููุงุฏูุฉู ููููุง ููู ููููู ุฎูููุฑู ููุงุฌูุนููู ุงูููู
ูููุชู ุฑูุงุญูุฉู ููููุง ู
ููู ููููู ุดูุฑูู.
ุฑูุจููููุง ุธูููู
ูููุง ุฃูููููุณูููุง ููุฅููู ููู
ู ุชูุบูููุฑู ููููุง ููุชูุฑูุญูู
ูููุง ููููููููููููู ู
ููู ุงูุฎูุงุณูุฑููููู.
ุฑูุจููููุง ุขุชูููุง ูู ุงูุฏููููููุง ุญูุณูููุฉู ูููู ุงูุขุฎูุฑูุฉู ุญูุณูููุฉู ููููููุง ุนูุฐูุงุจู ุงููููุงุฑู.

