Naskah Khutbah Jumat BAHASA JAWA Dewan Dakwah BantulEdisi 022/Tahun III/2023
Ingin mendapatkan materi Khutbah Jumat?
Group WhatsApp
: https://chat.whatsapp.com/JwOZ6ZelLUx5BTam0cYhFn
Naskah lengkap dari awal bisa dibuka di Channel Telegram : https://t.me/khutbah_DDII_Bantul
MINANGKANI TIMBALANE ALLAH
Dening : Ust. Abdul Hakim
Khutbah I
ุงูููุญูู
ูุฏู ููููููู ุงูููุฐููู ููุงูู ุจูุนูุจูุงุฏููู ุฎูุจูููุฑูุง ุจูุตูููุฑูุงุ ุชูุจูุงุฑููู ุงูููุฐููู ุฌูุนููู ููู ุงูุณููู
ูุงุกู ุจูุฑูููุฌูุง ููุฌูุนููู ููููููุง ุณูุฑูุงุฌูุง ููููู
ูุฑูุง ู
ูููููุฑูุง
ุฃูุดูููุฏู ุฃููู ููุง ุฅููููู ุฅููููุง ุงููู ููุญูุฏููู ููุง ุดูุฑููููู ููููุ ููุฃูุดูููุฏู ุฃูููู ุณููููุฏูููุง ู
ูุญูู
ููุฏูุง ุนูุจูุฏููู ููุฑูุณูููููููุ
ุงูููููููู
ูู ุตูููู ููุณูููู
ู ููุจูุงุฑููู ุนูููู ููุจูููููุง ู
ูุญูู
ููุฏู ููุนูููู ุงููููู ููุฃูุตูุญูุงุจููู ุฃูุฌูู
ูุนููููู , ููู
ููู ุชูุจูุนููู ุจูุงูุญูุณูุงูู ุงูููู ููููู
ู ุงูุฏููููู
ุฃูู
ููุง ุจูุนูุฏูุ ุนูุจูุงุฏู ุงููููุ ุฃูููุตูููููู
ู ููุฅููููุงูู ุจูุชูููููู ุงููููุ ููุงุชูููููุง ุงูููู ุญูููู ุชูููุงุชููู ูููุงู ุชูู
ูููุชูููู ุฅููุงูู ููุฃููุชูู
ู ู
ููุณูููู
ููููู
ููุง ุฃููููููุง ุงูููุฐูููู ุขูู
ููููุง ุงุชูููููุง ุงููู ููููููููุง ููููููุง ุณูุฏููุฏูุงุ ููุตูููุญู ููููู
ู ุฃูุนูู
ูุงููููู
ู ููููุบูููุฑู ููููู
ู ุฐููููุจูููู
ู ููู
ููู ููุทูุนู ุงููู ููุฑูุณูููููู ููููุฏู ููุงุฒู ููููุฒูุง ุนูุธููู
ูุง
ูููููููู ุนูููู ุงููููุงุณู ุญูุฌูู ุงููุจูููุชู ู
ููู ุงุณูุชูุทูุงุนู ุฅููููููู ุณูุจูููุงู ููู
ูู ููููุฑู ููุฅูููู ุงููู ุบูููููู ุนููู ุงููุนูุงููู
ูููู
Maโasyiral Muslimin rahimakumullah
Kita minangka tiyang muslim temtu nggadhahi pepinginan saget nyampurna-aken keislaman kita ingkang dipun wujudaken kanthi nindak-aken sedaya rerangkening rukun Islam ingk cacahipun gangsal, wiwit saking: syahadat, sholat, puasa, zakat lan haji.
Ibadah haji minangka panyampurnaning rukun Islam ingkang gangsal. Dereng sampurna Islam kita menawi mboten nggadhahi raos tinimbalan kagem nindak-aken ibadah haji. Pramila, samesthinipun manah kita umat Islam bakal tansah nggadhahi raos kangen, kapan bakal pikantuk kesempatan saget tindak ziarah ing tanah suci.
Saat menika kita sampun mlebet ing wulan Dzulqaโdah, minangka salah satunggaling wulan kagem ibadah haji. Kaum Muslimin saking sedaya papan ing alam ndonya bakal nindak-aken rukun Islam ingkang agung menika. Allah subhanahu wataโala sampun paring dhawuh dhumateng kanjeng Nabi Ibrahim a.s. supados nimbali sedaya umat manungsa amrih nindak-aken ibadah haji kanthi ziarah ing tanah suci, kados dhawuh firman-ipun:
ููุฃูุฐููู ููู ูฑููููุงุณู ุจููฑููุญูุฌูู ููุฃูุชูููู ุฑูุฌูุงููุง ููุนูููููฐ ููููู ุถูุงู ูุฑู ููุฃูุชูููู ู ูู ููููู ููุฌูู ุนูู ูููู
โLan timbalana umat manusia kanggo nindak-ake haji, yekti dheweke bakal tumeka ing papanira iki kanthi mlaku, lan numpak unta kang kuru, teka sangka sakabehing papan kang adoh dununge,โ (Qs al Hajj: 27)
Maโasyiral Muslimin rahimakumullah
Ibadah haji minangka ibadah ingkang ngimpun antawispun amal ati, lisan lan anggota badan. Ibadah menika kedah linambaran raos ikhlas lan sabar, lisan ingkang tansah ngucap kalimat thayyibah lan amalan raga awujud Thawaf lan Saโi, mbalang Jumrah lan sanes-sanesipun.
Salajengipun, Ibadah haji menika kedah pawitan sehatipun raga lan penggalih; ugi betah ragat (arta bandha). Kathah wujud pengurbanan ingkang kedah dipun lampahi kagem kaum Muslimin amrih saget nindak-aken ibadah ingkang mekaten agung menika.
Awit saking menika, Allah Taโala sampun nyawiskaen piwales (ganjaran) ingkang paling sae tumrap tiyang ingkang kasil nindak-aken ibadah haji kanthi leres dan ikhlas, inggih menika suwarga. Rasulullah SAW paring sabda:
ููุงููุญูุฌูู ุงููู
ูุจูุฑููุฑู ููููุณู ูููู ุฌูุฒูุงุกู ุฅููููุง ุงููุฌููููุฉู
โlan haji mabrur ora ono liya piwales ganjarane kejaba suwargaโ. (Muttafaq โalaih)
Allah Maha Paring Piwales ing saben lampah pangurbanan ingkang kita tibdak-aken, lan malah langkung ageng tinimbang ingkang sampun kita tindak-aken. Jalaran tiyang ingkang mekaten sampun ngagungaken syar-syiar agaminipun Allah.
ุฐููููู ููู
ูู ููุนูุธููู
ู ุดูุนูุงุฆูุฑู ุงูููููู ููุฅููููููุง ู
ูู ุชูููููู ุงูููููููุจู ๏ดฟูฃูข๏ดพ
โMengkono (dhawuhe Allah). Lan sopo wong kang ngagungake syiar-syi
ar Allah, mangka yekti iku tuwuh sangka ati kang takwa.โ (Qs. Al Hajj: 32)
Maโasyiral Muslimin rahimakumullah
Tiyang ingkang ing salebeting manah dumunung raos iman lan tresna dhumateng Allah taโala, mesthi kagungan panjangka lan kangen saget pianggih (sowan) dhumateng Allah, lan bakal mbudidaya kanthi sakatogipun daya kakiyatan kagemminangkani dhawuh timbalanipun menika. Allah taโala paring dhawuh:
ูููููููู ุนูููู ุงููููุงุณู ุญูุฌูู ุงููุจูููุชู ู
ููู ุงุณูุชูุทูุงุนู ุฅููููููู ุณูุจูููุงู ููู
ูู ููููุฑู ููุฅูููู ุงููู ุบูููููู ุนููู ุงููุนูุงููู
ูููู
โNindakake haji minangka kuwajiban umat manungsa marang Allah, yaiku (tumrap) wong kang mampu nempuh lakune tumuju Baitullah; Sapa wong kang selak (nyingkur) (saka kuwajiban haji), mangka satemene Allah Maha Sugih (ora mbutuhake) sangka saisine alam ndonya.โ (Qs Ali Imran: 97)
Ibadah haji minangka silaturahmi akbar tahunan umat Islam. Sedaya nggadhahi maksud ingkang sami amrih saget dados kawulanipun Allah ingkang taat, senadyan saking asal ingkang mboten sami, menapa ingkang sipatipun: bangsa, budaya, drajat kalenggahan (status social), profesi lan sanes-sanesipun. Sedaya mboten wonten ingkang langkung inggil, kejawi raos iman takwa; kadosdene dhawuhipun Rasulullah shallallahu โalaihi wasallam:
ููุง ููุถููู ููุนูุฑูุจูููู ุนูููู ุฃูุนูุฌูู
ูููู ุฅููููุง ุจูุงูุชููููููู
โOra ana kamulyan tumrap wong Arab ngluwihi marang dudu Arab, kejaba kanthi takwaโ (HR Abu Nuโaym dalam Hilyah al-Auliyaโ)
Maโasyiral Muslimin rahimakumullah
Ing tanah suci sedaya jamaah haji sami tulung tinulung ing salebeting kesaenan lan takwa. Ing papan kasebat bakal ketingal kanthi gamblang kados pundi makna lan ajinipun pasedherekan sarta drajat martabat ingkang sami ing antawisipun sesami kaum muslimin.
Para jamaah haji sedaya nglepas pakaian padintenanipun piyambak lan dipun gantos kanthi pakaian ihram ingkang langkung mirip kaliyan kain kafan kagem mayit. Sedaya sami maos laimat talbiyah:
ููุจูููููู ุงููููฐููู
ูู ููุจูููููู ููุจูููููู ููุง ุดูุฑููููู ูููู ููุจูููููู ุฅูููู ุงููุญูู
ูุฏู ููุงููููุนูู
ูุฉู ูููู ููุงููู
ููููู ููุง ุดูุฑููููู ูููู
โKawula sowan ngestok-aken dhawuh timbalan paduka, dhuh Gusti Allah. Kawula sowan dhumateng Paduka. Mboten wonten tetandhingan tumrap Paduka, kawula ngestok-aken timbalan Paduka. Saestu sedaya puji lan nikmat, lan sedaya panguwaos menika namung kagungan Paduka Allah, mboten wonten tetandhingan tumrap Paduka.โ
Umat Islam saking sedaya papan ing ngalam ndonya sami dhateng, namung kagem mbuktek-aken raos iman lan tresnanipun shumateng Allah. Umat Islam menika salaipun saking mawerni-werni kalangan masyarakat; wonten ingkang petani, buruh, pedagang alit, pegawai, ngantos pejabat utawi trah ing bangsawan menapa dene konglomerat.
Maโasyiral Muslimin rahimakumullah
Sumangga kita tansah mbudidaya nambah kakiyatan kita lan kagungan panjangka saget minangkani dhawuh timbalanipun Allah kanthi lampah cecawis ingkang sak-sae-saenipun. Sinambi nenggo wekdal samangke pinaringan kesempatan kagem nindak-aken ibadah haji; kita saget pepacak kados pundi kita sedaya anggenipun nindak-aken dhawuh-dhawuh timbalanipun Allah ing padintenan, kados dene: ibadah shalat fardhu, zakat, infak sedekah, amar maโruf nahi munkar; sarta amal shaleh sanesipun ingkang kathah sanget wujudipun.
Mekaten ugi ibadah sanes ingkang mbetahaken ragat ingkang kathah, kados dene kurban lan umrah, menapa kita sampun rumaos tinimbalan kagemnindak-aken? Menapa kita sampun masang niyat, kapan bakal dipun lampahi? Sedaya menika betah niyat lan tekad ingkang kiyat.
Kita samesthinipun tansah mbudidaya kagem nambah lan mbebecik kualitas ibadah kita, kadosdene donga ingkang dipun tuntunaken dening Rasulullah SAW:
ุงููููููู ูู ุฃูุนููููู ุนูููู ุฐูููุฑููู ููุดูููุฑููู ููุญูุณููู ุนูุจูุงุฏูุชููู
โDhuh Gusti Allah, mugi Paduka paring pitulung ing kawula amrih saget tansah dzikir (emut)-Paduka, tansah syukur dhumateng Paduka, lan saget nambah sae anggen kawula ngibadah dhumateng Paduka.โ (HR. Abu Daud lan Ahmad, shahih)
Mekaten atur khutbah Jumโat ing siang menika, mugi-mugi sedaya jamaah haji ing taun menika pinaringan lampah ingkang gampil salebetipun nindak-aken sedaya rerangken ibadah haji, lan saget nggayuh drajat haji ingkang mabrur. Salajengipun kita sedaya ingkang dumugi saat menika dereng piraningan kesempatan tindak haji, mugi ing wekdal candhakipun dipun paringi margi ingkang gampil kagem minangkani dhawuh timbalanipun Allah SWT menika kanthi sak sae-saenipun. Amiin.
ุจูุงุฑููู ุงูููู ููู ููููููู ู ููู ุงูููุฑูุขูู ุงูุนูุธูููู ูุ ููููููุนูููู ููุฅููููุงููู ู ุจูู ูุง ูููููู ู ููู ุงููุขูุงูุชู ููุงูุฐููููุฑู ุงูุญูููููู ู ููุชูููุจูููู ู ููููู ููู ูููููู ู ุชููุงูููุชููู ูุฅูููููู ูููู ุงูุณููู ูููุนู ุงูุนูููููู ู.
Khutbah II
ุงููุญูู
ูุฏู ูููููฐูู ุฑูุจูู ุงููุนูุงููู
ูููููุ ููุจููู ููุณูุชูุนููููู ุนูููู ุฃูู
ูููุฑู ุงูุฏููููููุง ููุงูุฏููููููุ ุฃูุดูููุฏู ุฃููู ูุงู ุฅููููู ุฅููุงูู ุงูููู ููุญูุฏููู ูุงู ุดูุฑููููู ูููู ููุฃูุดูููุฏู ุฃูููู ู
ูุญูู
ููุฏูุง ุนูุจูุฏููู ููุฑูุณูููููููุ ุงูููููููู
ูู ุตูููู ููุณููููู
ู ุนูููู ููุจููููููุง ู
ูุญูู
ููุฏู ููุนูููู ุขูููู ููุตูุญูุจููู ููู
ููู ุชูุจูุนูููู
ู ุจูุฅูุญูุณูุงูู ุฅูููู ููููู
ู ุงูุฏูููููู
ุฃูู
ููุง ุจูุนูุฏูุ ุนูุจูุงุฏู ุงููููุ ุฃูููุตูููููู
ู ููุฅููููุงูู ุจูุชูููููู ุงููููุ ููุงุชูููููุง ุงูููู ุญูููู ุชูููุงุชููู ูููุงู ุชูู
ูููุชูููู ุฅููุงูู ููุฃููุชูู
ู ู
ููุณูููู
ููููู
ุฅูููู ุงูููู ููู
ููุงูุฆูููุชููู ููุตูููููููู ุนูููู ุงููููุจูููู ููุง ุฃููููููุง ุงูููุฐููููู ุขู
ูููููุง ุตููููููุง ุนููููููู ููุณููููู
ูููุง ุชูุณูููููู
ูุง.
ุงููููููู
ูู ุตูููู ุนูููู ู
ูุญูู
ููุฏู ููุนูููู ุขูู ู
ูุญูู
ููุฏูุ ููู
ูุง ุตููููููุชู ุนูููู ุฅูุจูุฑูุงููููู
ู ููุนูููู ุขูู ุฅูุจูุฑูุงููููู
ูุ ููุจูุงุฑููู ุนูููู ู
ูุญูู
ููุฏู ููุนูููู ุขูู ู
ูุญูู
ููุฏูุ ููู
ูุง ุจูุงุฑูููุชู ุนูููู ุฅูุจูุฑูุงููููู
ู ููุนูููู ุขูู ุฅูุจูุฑูุงููููู
ูุ ููู ุงูุนูุงููู
ููููู ุฅูููููู ุญูู
ูููุฏู ู
ูุฌูููุฏูุ
ุงููููููู
ูู ุงุบูููุฑู ููููู
ูุคูู
ููููููู ููุงููู
ูุคูู
ูููุงุชูุ ููุงููู
ูุณูููู
ููููู ููุงููู
ูุณูููู
ูุงุชูุ ุงูุฃูุญูููุงุกู ู
ูููููู
ู ููุงูุฃูู
ูููุงุชูุ ุฅูููููู ุณูู
ูููุนู ููุฑูููุจู ู
ูุฌูููุจู ุงูุฏููุนูุงุกู.
ุงููููููู
ูู ุฅููููุง ููุณูุฃููููู ุงููููุฏูู ููุงูุชููููู ููุงูุนูููุงูู ููุงูุบูููู.
ุงูููููููู
ูู ุฃูุตูููุญู ููููุง ุฏูููููุง ุงููููุฐูู ูููู ุนูุตูู
ูุฉู ุฃูู
ูุฑูููุง ููุฃูุตูููุญู ููููุง ุฏูููููุง ููุง ุงููููุชูู ูููููุง ู
ูุนูุงุดููุง ููุฃูุตูููุญู ููููุง ุขุฎูุฑูุชูููุง ุงููููุชูู ุฅูููููููุง ู
ูุนูุงุฏููุง ููุงุฌูุนููู ุงูููุญูููุงุฉู ุฒูููุงุฏูุฉู ููููุง ููู ููููู ุฎูููุฑู ููุงุฌูุนููู ุงูููู
ูููุชู ุฑูุงุญูุฉู ููููุง ู
ููู ููููู ุดูุฑูู.
ุงููููููู
ูู ุงุฌูุนููู ุญูุฌููุง ู
ูุจูุฑูููุฑูุง ูู ุณูุนูููุง ู
ูุดูููููุฑูุง ูู ุฐูููุจูุง ู
ูุบูููููุฑูุง
ุฑูุจููููุง ุธูููู
ูููุง ุฃูููููุณูููุง ููุฅููู ููู
ู ุชูุบูููุฑู ููููุง ููุชูุฑูุญูู
ูููุง ููููููููููููู ู
ููู ุงูุฎูุงุณูุฑููููู.
ุฑูุจููููุง ุขุชูููุง ูู ุงูุฏููููููุง ุญูุณูููุฉู ูููู ุงูุขุฎูุฑูุฉู ุญูุณูููุฉู ููููููุง ุนูุฐูุงุจู ุงููููุงุฑู.